^
nah iku
sing ndelok nang samping'e nomer telu iku pasti cah ayu![]()
^
nah iku
sing ndelok nang samping'e nomer telu iku pasti cah ayu![]()
cak gg,
yen ayu nanging KW, sampeyan iseh tetep naksir yo cak?
Critane sardot dadi pasien RSJ amargo edan mikirno romlah
isuk iku,koyok biasane enek tukang loper koran ameh ngedrop koran nang RSJ
Pikire tukang loper,amargo ngedrop koran mung sedhilit,mulo mesin motore ora di pateni
pas tukang loper mudhun seko motor ngedrop koran,sardot weruh motor kuwi banjur numpaki
sakwise numpak motor,sardot mung muter muter nang halaman RSJ
Kesel muter muter,sardot banjur mudhun seko motor
sodron sing awit mau weruh langsung nakoni sardot
"eh dot...kowe kuwi goblok...wis enek kesempatan melarikan diri seko RSJ numpak motor,malah muter muter terus!"
"ora ngono dron...pie aku ameh melarikan diri seko RSJ...lampu ritting'e motor murup ngiwo terus"
Sodron: (nithili koco ritting)
sing edan sopo...![]()
![]()
![]()
![]()
Last edited by Fere; 02-05-2012 at 01:06 AM.
miris yo...![]()
kok malah miris tho cak..![]()
10 Mie sing HARAM dikonsumsi
1.Mie kirno dunyo tok
2.Mie lok melok aliran sesat
3.Mie nggat ora pamit bojone
4.Mie jeti bojone tonggone
5.Mie der mider ora katok'an
6.Mie sahi wong kawin
7.Mie dangetaken wong padu
8.Mie rsani pilem porno
9.Mie dek midek sirahe moro tuwo
10.Mie suhi wong twek
Mungi2 sdulur sdoyo mboten ngonsumsi 10 mie meniko amrih ben mlebu suargoloko..
arti lagu dan film
Mang ini dah basi tapi biar lucu aja....
ini arti lagunya yach
* All out of love (Air Supply) : Katresnan Kebablasan
* Goodbye (Air Supply) : Minggat
* Lost in love (Air Supply) : Wis Ora Tresno
* Grease (Bee Gees) : Kinclong
* I started a joke (Bee Gees) : Wiwit Ndagel
* In the morning (Bee Gees) : Isuk Utuk2
* Saturday night fever (Bee Gees) : Meriang ning Nekat Ngapel
* Summertime (jazz) : Loro Panas
* Words (Bee Gees) : Nggedebus
* More than words (Extreme) : Nggedebus Pol
* Smoke on the water (Deep Purple) : Umob (album 'Nggodog Wedang')
* Soldier of fortune (Deep Purple) : Prajurit Ra Iso Mati (kethoprakan ....)
* Stayin' alive (Bee Gees) : Ora iso mati
* Mama (Genesis) : Mak'e
* Another day in paradise (Phill Collins) : Liyo Dina neng Suwargo
* Againts all odds (Phill Collins) : Ongko Ganep
* All night long (Lionel Richie) : Lek-lekan (Begadang)
* Still (Lionel Richie) : Isih (durung entek)
* Stuck on you (Lionel Richie) : Kecanthol
* Truly (Lionel Richie) : Tenane
* Frozen (Madonna) : Njendel
* Black white (Michael Jackson) : Sebrangan Dalan
* Killing me softly (Roberta Flack) : Diithik-ithik sak Modare
* My way (Frank Sinatra) : Sak Karepku
* I don't like to sleep alone (Paul Anka) : Kelonana Aku
* Hands clean (Alanis Morissette) : Bar Wisuh
* Believe (Cher) : Percoyo
* I still believe (Brenda K Star) : Ngengkelan
* Shy Guy (Diana King) : Clingus
* Wild Woman (Michael Learns to Rock) : Simbok Morotuwo
* Torn (Natalie Imbruglia) : Suwek Dhedhel Dhuel
* Don't speak (No Doubt) : Menenga Wae
* Something stupid (R William Nicole Kidman) : Nggobloki
* Don't stop me now (Queen) : Ojo Ngganduli
* Always (Bon Jovi) : Mesthi Ngono
* Bed of roses (Bon Jovi) : Trebela
* Alone (Heart) : Ijen (album 'Kendel Tenan')
* Self control (Laura Branigan) : Poso
* Jump (Van Halen) : Njondhil (album 'Kaget')
* Almost unreal (Roxette) : Ora Umum
* Black magic woman (Santana) : Mak Lampir
* Smooth (Santana) : Lunyu (album 'Kepleset' )
* Always somewhere (Scorpion) : Mblayang Wae!
* So young (The Corrs) : Isih ABG
* Forever young (Alphaville) : Awet Nom
* Suddenly (Billy Ocean) : Ujug-ujug
* My heart will go on (Celine Dion) : Loro Hepatitis
* Hard to say I'm sorry (Chicago) : Kisinan
* Zombie (Cranberries) : Gendruwo
* Boulevard (Dan Byrd) : Dalan Gedhe
* Emotion (Destiny's Child) : Muntab
* If we hold on together (Diana Ross) : Yen Gegandengan Tangan
* It's you (Dionne W Stevie W) : Jebul Sliramu
* Big big world (Emilia) : Donyane Gedhe Banget
* Careless whisper (George Michael) : Seneng Rasan2
* I don't have the heart (James Ingram) : Rempela Thok
* Just once (James Ingram) : Sepisan Wae
* Beautiful girl (Jose Mari Chan) : Cah Ayu
* To all the girls I loved before (Julio Iglesias) : Kanggo Randha-Randhaku
* Pretty boy (M2M) : Banci
* Smile again (Manhatan Transfer) : Ayo Ngguyu
* I'll be here waiting for you (Richard Marx) : Tak Cegat Neng Kene
* 2 Become 1 (Spice Girls) : Ilang Siji
* Just the way you are (Billy Joel) : Sak karepmu
* Smoke gets in your eyes (jazz) : Keculek Rokok
* Long train running (Doobie W) : Kepancal Sepur
* All blues (George Benson) : Kelunturan (Biru Kabeh)
* O Danny boy (tradisional Irlandia) : O, Jebul Anake Dani!
* Another clown (Leon) : Koyo Bad
nyang ini filmnya:
1 Enemy at the Gates -- Musuhe Wis Tekan Gapuro
2 Batman Forever -- Ngembat Saklawase
3 Remember the Titans -- Kelingan Titan-titan
4 The Italian Job -- Gaweane Wong Ngerum
5a Die Hard -- Matine Angel
5b Die Hard II -- Matine Angel Tenan
5c Die Hard III With A Vengeance -- Kowe Kok Ra Mati2 To?
6 Bad Boys -- Bocah-bocah Uelek
7 Sleepless in Seattle -- Klesikan neng Seattle
8 Lost in Space -- Ilang Neng Awang-awang
9 X-Men -- Wong Lanang Saru
9a X-Men 2 -- Wong Lanang Saru Banget
9b X-Men 3 (Belum dirilis) -- Aming
10 Cheaper by Dozens -- Tumbas Selusin Langkung Mirah
11 The Cooler -- Selot Adem
12 Paycheck -- Kasbon
13 Independence Day -- Pitulasan
14 The Day After Tomorrow -- Sesuke
15 Die Another Day -- Modare Ojo Saiki
16 There is Something About Marry -- Meri Ono Apa-apane
17 Silence of the Lamb -- Wedhuse Mutung
18 All The Pretty Horses -- Jarane Ayu2 (aka Legenda Pasar Kewan Mbahrowo)
19 Planet of the Apes -- Planete Wong Apes
20 Gone in Sixty Seconds -- Minggat Sakcepete
21 Original Sin -- Dosa Tenanan
22 Mummy Returns -- Mami-mami Podo Mudik
23 The Abyss -- Entek-entekan
24 Copycat -- Kopi Kucing (nggo konco Sego Kucing)
25 Seabiscuit -- Klethikan Neng Laut
26 Freddy vs Jason -- Kerah
27 Terminator -- Terminal Montor
28 Air Bud -- Banyu J**Bud
29 How To Lose A Guy in 10 Days -- Piye Carane Megat Lanangan mung 10 Dino
30 Lord Of The Ring -- Pedagang Akik...
31 Deep Impact -- Ngantem Njero
32 Million Dollar Baby -- Genjik Regone Sayuto
33 Blackhawk Down -- Manuk Ireng Kenek Bedhil
34 Saving Private Ryan -- Ngelesi Privat Mas Rian ("pancene goblok tenan opo?")
35 Dumb and Dumber -- Wong Goblok Lan Guoooblok Tenan
saus
- just call me kokom -
Shinken & Fude… Jalan pedang dan jalan kuas, antara keharmonisan dan kekerasan kehidupan yang melebur untuk meraih kemurnian yang sempurna…
I get to actually experience what it would be like to be a psycho, which is not a fun one. For me, it suits me. It suits my personality.
sing iki ono gambare cak..* So young (The Corrs) : Isih ABG
sooyoung kuwi sing tengah, sing tengen embuh rareti jenenge,
yen sing kiwo, awakmu ngerti dhewe...![]()
Sardot duwe kebiasaan sing aneh,nandi wae senenge nganggo sarung
wengi iku sardot apel nang omahe romlah
"yank...kok pean apel nganggo sarung tow...koyok ameh ngaji wae"
"hehew...pean ora seneng yo beibh...yo wis,sesuk tak tuku clono"
singkat crito,sesuk'e sardot ameh apel maneh nang omahe romlah
sardot nganggo clono,nanging tetep wae jobone nganggo sarung
nang tengah dalan,sardot kebelet BAB
Mari BAB nang pom bensin,tanpo sadar sardot lali clono-ne ora di anggo amargo selak ksusu
nanging akhire,sardot tekan omahe romlah tanpo telat
"aduh yank...kok mrene nganggo sarung maneh tow...jare ameh nganggo clono?"
karo bukak sarung,sardot mangsuli
"lha iki yank...aku wis nganggo clono"
romlah sing weruh jebul clonone sardot ktinggalan langsung kaget
"waaauw...dowo banget yank"
"yen kedawan,sesuk tak kethok'e beibh"
![]()
![]()
Romlah sing nembe mulih seko dines luar kota, kaget amargo pas tekan omah nemu jeroan
nang lemari sing ora duwe'e romlah, banjur kuwi romlah takon sardot bojone
"mas...iki jeroan'e sopo...?"
"ora weruh dik..."
amargo isih penasaran, romlah nyeluk paijem babu'ne
"jem...mrene...!!!"
"dalem ndoro...wonten menopo ndoro putri?"
"opo iki jeroan mu...?"
"mboten ndoro..."
"haaah...aku ora percoyo!!!"
"saestu ndoro...niku sanes jeroane kulo...kulo mboten nate ngagem jeroan,
ndoro kakung mawon ngertos..."
![]()
![]()
mampir ahh ... ono opo neng kene um![]()
ɐɔɐq p ɥɐlɐɯ ɥɥsı
wooh.. yu sum suwe ora ngetok, nang ngendi wae..?
sampek pangling aku..
anakmu saiki wis piro...?![]()
wis limoooo..
sekali brojol langsung limo...
padakno goreng gedang ae..![]()
ckckck... cak awakmu cilik2
sekali mangan gedang goreng langsung limo..?!![]()
wooaa.. etca kenalane nang bak mandi..???
*mbayangke etca kenalan nang bak mandi..![]()
bar seko kamar mandi etca takok mau sek neng kamar mandi cew po cow ?![]()
ɐɔɐq p ɥɐlɐɯ ɥɥsı
etca kok gak iso mbedakne co opo ce...?![]()