Ojo lali tgl 9 April 2014 dinone Rebo Pon jam 07.00-nganti rampung,
wayahe NYOBLOS,sing durung tau nyoblos iki lho
tak kei cara2ne ben ora kliru nyoblose :
1. Sak durunge budal ning TPS adus sik,ben ketok mbois,jo lali sarapan disik ben ra dredeg,yen perlu sungkem
disik ning wong tuo, ra usah ngenekne pengajian, koyok wong arep budal haji wae.

2. teko TPS antri disik ora usah uyel2an koyok antri zakat, lingguhe sing apik, sing lanang lingguhe biasa wae. Ora usah mbedingkrangan mbok kiro hik po.?
sing wedok linggihe biasa wae ora usah mekokoh opo maneh karo petan ning kono...
​.•*˚*•..Hä Ðέê♓.•*˚*•..

3. Ijolno surat undangan (C6) sing teko KPPS, diijolne karo surat suara, ojo kliru gowo surate, engko surat
Pegadain sing nbok gowo

4. Nek uwis oleh surat suara ndang mlebuo ning bilik/ kamar nggo nyoblos, jo sampek salah kamar, buka disik
surat suarane di inceng, engko kliru surat nikah sing dikekne nek awakmu, opo ora tambah galau sing jomblo,
coblosen sak karepmu sing mbok senengi, karo meneng wae, ora usah karo ndesah2, mengko dikiro dicoblos,...

5. Nek uwis nyoblos lempiten koyo asale,ojo mbok untel2,
Mbok kiro gombal po!!, ndang lebokno ning kotak suara,
trus ndang ngalio,
mlakumu biasa wae ra usah koyo artis
papan atas opo meneh mlakune rodo lemes koyo bar ngopo wae....
Шª κª κª κª κª κª

6. Yen wis mari celupno salah siji drijimu ning tinta sing wes disediakne petugase, driji ae ojo liyane sing
dicelupne opo maneh dinggo raup...
Nek rampung trz ndang mulih, wes gak usah mbengok2 "aku bar nyobloosss.....
ohh,, yeesss" ra usah poto2an trus dinggo foto Profil. Koyo alay wae.
sekian tips dinggo sedulur2 sing nyoblos..
(y)♏ªτůяΠůώůΠ(y)