ramutu tenan, tiwas ngecek jebule gur gambar yongono
ramutu tenan, tiwas ngecek jebule gur gambar yongono
R*y Sury* Ditunjuk Presiden SBY Jadi Menpora
kuwi gambar'e nopo sing lanang luwih semok timbang'e si wedhok ya?![]()
kan pas nggenjot pit cak, dadi ketok ipel2![]()
Waras VS EDan
Wawancara golek gawean
+ Pendidikanmu opo?
- Hukum Pak.
+ wah ora bisa ditompo ning kene.
- Alasanipun Pak?
+ Kakehan ngomong mengko, malah ora kerja.
- tapi kulo mantan diplomat lho Pak.
+ Tambah ora ketompo?
- Lho kok ngaten pak?
+ Mengko gaweyanmu mung ropat-rapat wae......
+ Kowe nduwe omah opo ora?
- Dereng.....
+ Wah kowe ora iso ketompo nang kene.
- Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
- Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
+ Yo malah ora ketompo.
- Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.
+ Kowe nduwe motor opo ora?
- Mboten.
+ Ora ketompo.
- Lho kok mboten ketompo?
+ Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
- Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
+ Wah malah ra ketompo....
- Lho kok ngoten?
+ Tempat parkire wis ra cukup..
+ Kowe wis lulus sarjana tenan?
- Sampun Pak....
+ Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben mbayare murah.
- Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.
+ Malah ora ketompo...... .
- Lho kados pundi to?
+ Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo.
+ Kowe seneng guyon opo ora?
- Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
+ Ra ketompo......
- Waa... Kok ngoten?
+ Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress.
- Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.
+ Malah ora ketompo.
- Lho kok......
+ Engko kowe mung email-emailan sing lucu.
+ Kowe mau mrene numpak opo?
- Nitih mobil.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus.
- Woo, kulo wau namung mbonceng, kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!
+ Anakmu akeh opo sithik?
- Kathah, Pak.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanak terus.
- Lha wong namung anak adopsi, kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe.
+ Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?
- Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane?
- Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Kowe rak mung arep keminter, to?
+ Kowe ngerti kahanan kantor kene durung?
- Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore?
- Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok...
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mengko kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to?
+ Kowe kerep loro?
- Mboten.
+ Kowe ora ketompo..
- Sebabipun?
+ Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering.
- Wah, sakjanipun nggih asring.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Kantor iki ora nompo karyawan pileren.
+ Kowe biso main internet?
- mBoten.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Perusahaan ora nompo sing buta internet.
- Wah, sakjanipun nggih saged.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet, to???
+ Kowe waras opo ora?
- Lha, kulo nggih waras to Pak.
+ Ra ketompo.
- Kenging nopo?
+ Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
- Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
+ Malah ra ketompo.
- Pripun to niki?
+ Mengko aku duwe saingan.
- WAAAAAAAAAAAAAAAA! !!!!
Last edited by sumpe gw klonengan; 23-03-2012 at 08:13 PM. Reason: ganti boso jowo ;D
ɐɔɐq p ɥɐlɐɯ ɥɥsı
^
iki jane sing gendeng sing mawancara opo sing diwawancarai tho..
![]()
yen disawang2 ketoke sing posting yo rodo... sithik![]()
wawancara guobloggggg
![]()
R*y Sury* Ditunjuk Presiden SBY Jadi Menpora
yukkk lanjutttttttttttt
Gemblong jago nedak.
" Wah, dhino iki ulangan sujaroh. Aku dhurûng sinau, jé. Kakèhan nonton wayang.
" Halah, arepo kówé sinau, tetep waé ra biso
" Aku mengkó tak nedak kówé, yo ? Mengkó tak jajakké, wîs.
" Nîng ojo persis banget, yo ? Ndak konangan.
" Contoné piyé ?
" Nèk jawabanku ‘Jakarta’ kówé njawabo ‘Jayakarta’. Nèk aku ‘Yogya’, kówé ‘Jogja’.
" Oké
Bopo guru macakké pitakon2é, murid2 nulîs jawabané ono kertasé déwé2.
" Bocah2, nèk óra biso njawab kudhu mènèhi katrangan opo sebabé óra biso njawab. Ngerti ?
" Muridh2 : Ngertoooooooooos …..
" Bopo Guru takon Jeneng ciliké Panembahan Sénopati sopo ?
" Temu nulîs Dhanang Sutowijoyo
" Gemblong nulîs Dh. Sutowijoyo
" Bopo Guru takon : Jeneng ciliké Sultan Hadhiwijoyo sopo ?
" Temu nulîs Joko Tingkér
" Gemblong nulîs J. Tingkér
" Bopo Guru takon : jeneng ciliké Hamengku Buwono X sopo ?
" Temu nulîs Bendhoro Radhèn Mas Herjuno Dherpito
" Gemblong nulîs BRM. Janoko D.
" Bopo Guru takon : Jeneng ciliké Pangéran dhiponegoro sopo ?
" Temu nulîs Radhèn Ontowiryo
" Gemblong nulîs R. Ontoséno
" Bopo Guru takon : Jeneng ciliké Sóltan Bintoro sopo ?
" Temu nulîs Aku óra ngerti
" Gemblong nulîs Opo manèh aku !
cekak aos, nanging marai ngakak
Gemblong nggarap zigsaw puzzle
" Mu, mu …. Aku kasîl nggarap zigsaw puzzle
" Ndhelok kéné
" Aku ngrampûngké mûng limang sasi
" Limang sasi ?
" Lha iki ono tulisané, ‘buat 4-5 tahón’.
![]()
haha... cak jane postinganmu ameh tak klik thanks ping pindo,
lha ning awakmu kan cif kuk, raono pengaruhe.. dadi rasido..![]()
ceritane romlah bojone sarno meteng,tp romlah karo sarno ngerahasia'ake karo uwong2.
Ujug2 petugas PLN teko
P.PLN : "bu,ibu telat sewulan"
Romlah :" saking pundi bapak ngertos??"
P.PLN :" kan niki wonten catetane ing PLN"
Romlah :" hah???mosok sampe dicatet wonten PLN??"
(sarno metu banjur muring2)
Sarno :" Piye???PLN iso ngerti nek bojoku telat sewulan???"
P.PLN :"sabar pak..menawi bapak kerso catetane dipun hapus bapak kan kantun mbayar kaleh kulo"
Sarno :" lha nek Aku gak gelem bayar???"
P. PLN :" nggih kepekso nggene bapak dipedhot.
Sarno :" edaaaaaaannn msok nggonku arep dipedot??lha trus nek ono ngomah bojoku pngen trus nganggo opo??"
P.PLN : "nggeh kepekso ngangge lilin"
Sarno mumet..
sing crito