Quote Originally Posted by Sanghyang Ismaya View Post
Nedhi kuwi dudu basa jawa kang baku; bakune yaiku 'nedha' nanging kanggo wong - wong desa kang adoh saka pawiyatan, lsp isih durung mantep yen muni 'nedha' sebabe menawa dirungokake isih krasa rada kasar, mulane 'dikramaake' maneh dadi 'nedhi'. Kasus salah kaprah kang mangkene yo akeh tuladhane. Pari sajane basa kramane ya tetep pari; ning banjur 'dialuske' maneh dadi pantun. Lemari dadi lemantun. Gara-garane supaya padha karo tembung mari kang dikramaake dadi mantun. Kutha Semarang dikramaake dadi Semawis, gara - garane tembung "larang" basa kramane awis,
Weh Semarang kok dadi Semawis?
Semawis iku panggonan 'Pecinan'e semarang kan?

oke Kata Lemari berubah menjadi Lemantun meski dianggap salah kaprah,
namun penggunannya kok jadi sering digunakan ya?
biyen ki.. kadang terkenalnya sebagai bahasa 'ndeso', dengan istilahistilah bahasa yang agak kasar dialusin menjadi seperti itu.