sue ra ndene kok ono sek jaluk d jak rabi ;D
Printable View
sue ra ndene kok ono sek jaluk d jak rabi ;D
ora mungkin, etca ki uwonge sabar banget...
Nang kelas,enek guru takon karo murid-e
"Dot cobak wangsuli...yen enek manuk 5 nang wit,terus di tembak siji,sisone enek piro?"
"telas bu guru...amargi 4 peksi(manuk) liyane mabur kaget wonten suoro tembakan"
"salah...kudune kowe mangsuli siso-ne iseh 4...wis ora dadi ngopo,nanging bu guru seneng karo pola pikir jawab mu"
"sakniki kulo gantos tanglet bu...menawi wonten tiyang estri(wedhok) 3 dhahar es cream,
tiyang estri I dhaharipun ngangge sendok,
tiyang estri II dhaharipun namung di incipi sekedhik sekedhik,
tiyang estri III dhaharipun di gocek-i contong lajeng di emuti,
pundi tiyang estri menika ingkang sampun nikah?"
"mesti jawabane wong wedhok III...soale mangane es cream di gocek-i contonge terus di emuti"
"salah...bu guru kudunipun mangsuli ingkang ngagem cincin kawin...mpun boten nopo nopo,
nanging kulo seneng kalih pola pikiripun bu guru jawab"
Guru: (ngemplok kapur) ::doh:: ::arg!::
pitik walik sobo kebon nanas opo hayo ? -_-
^
ra ngerti yu, mumet.. ::doh::
eh yu, tebakanku soal klonenganmu bener tho..?
^
^
jiaaahhh isiih dibahas :lololol:
iseh penasaran cak...
aku yakin tebakanku sangang puluh persen mesti bener... ;D
meneng qi emas le muni [meditasi] aq meneng wae
nek sido emas kan lumayan nggo tuku PSU
do rung turu tho cah?
aku sih wis bobo 4 jam ;D
mau wes bubu pas PCne matek ::arg!::
http://www.pcstats.com/articleimages...2D850_full.jpg
wis rasah bingung, iki PSU ku pek'en... ;D
asemik ::grrr:: .... mau ngecek regane 700an
walah.. dikek'i PSU malah ngasem-ngasemke..
wis rasido weh nek ngono.. ::oops::
::doh:: le ngekei ora iklassss
aseemm rasanee keccuuttt, dab
ikhlas... tenan, sumpah...
kae gambare gari mbok save as, wis dadi wek'anmu... ::hihi:: ::hihi::
wes mutung aq .... -_-
waduh... cah wedok kok mutungan.. ::doh::
tuku sing rego 400-500an ae.. coba golek nang forum cendol, akeh sing adol..
asal ora mutung kasarung gpp kok -_-
400 ::nangis:: budget lg ono setengah'e
yen aku nganggo fsp supersonic 450 watt, tapi embuh iki psu apik pora..
taun wingi regane yen ra kliru mung 300/315..
::doh:: sasi ngarep qi le iso tuku ,,, rung d serpis sisan
utango etca ae.. duwite uakeeh tenan.. ::hihi::
emoh nek utang etca ::hihi::
Malem minggu,Sardot sing awak'e cungkring lungo cafe
tekan cafe,Sardot lungguh lan pesen softdrink
ora suwi enek preman sing awak'e gedhe mlebu cafe lan marani Sardot
tanpo kakean c*c*t,preman mau langsung nendang Sardot
"ciiaaatt..."
Sardot tibo seko kursi lan preman jelasno "kuwi mau jurus taekwondo seko korea"
banjur Sardot tangi lan lungguh maneh...nanging preman gantian banting sardot
"braaak..."
sardot tibo seko kursi banjur preman jelasno
"kuwi mau jurus judo seko jepang"
banjur sardot tangi lan lungguh maneh...nanging preman gantian jotos
"buuugh..."
sardot tibo seko kursi banjur preman jelasno
"kuwi mau jurus boxing seko amerika"
sadar lambene Sardot getihen,Sardot metu seko cafe
ora suwi sardot mlebu cafe maneh lan langsung ngantem preman
preman tibo nganti semaput suwi
"kuwi mau linggis seko gudang" panjelasane sardot...
Cara nolak pelamar kerja pake basa Jawa
Alkisah di sebuah perusahaan besar di kawasan Keprabon, tengah melakukan
beberapa tes wawancara untuk "tidak" menerima calon karyawan baru, tentu
saja salah satu prasyaratnya adalah harus berbahasa Jawo Ngawur
G : Kowe nduwe omah opo ora.....?
A : dereng....
G : Wah kowe ora iso ketompo nang kene
a : Lho kok ngaten........?
G : Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
a : Ah.. mboten kok, Sak janipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
G : Yo malah ora ketompo
a : Lho kok ngaten.....?
G : Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae, cathing terus
G : Kowe nduwe motor opo ora....?
b : Mboten.
G : Ora ketompo
b : Lho kok mboten ketompo ?
G : Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
b : Sak janipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
G : Wah malah ra ketompo.....
b : lho kok ngoten
G : Tempat parkire wis ra cukup.
G : Kowé wis lulus sarjana tenan.....?
c : sampun pak....
G : Ora ketompo, kéné iki golék sing SMA aé, luwih manutan lan bén mbayarémurah
c : Sak janipun kulo tasih badhe skripsi
G : Malah ora ketompo......
c : Lho kados pundi to....?
G : Mengko kowé kerjo mung ngetik skripsi, lék wis lulus mesti golék kerjo neng perusahaan liyo.
G : Kowé seneng guyon opo ora ?
d : Mboten pak, kulo serius nék nyambut gawé.
G: Ra ketompo.....
d : waa......kok ngoten?
G : Engko konco koncomu lan anak buahmu podho stress.
d : Sak jané nggih sekedhik sekedhik seneng guyon.
G: Malah ora ketompo.
d : Lho kok.......
G: Engko kowé mung email emailan sing lucu.......
G : Kowé mau mréné numpak opo ?
e : Nitih mobil
G : Kowé ora ketompo
e : Sebabipun ?
G : Saiki BBM mundhak terus, mengko kowé njaluk mundhak bayar terus
e : Wo, kulo wau namung mboncèng, kok
G : Tambah ora ketompo e : Lho, lha kok ... ?
G : Mengko mung gawéné mboncéng mobil kantor.. Ngrusuhi !
G : Anakmu akèh opo sithik ?
f : Kathah pak
G : Kowé ora ketompo
f : Sebabipun ?
G : Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanaaaaaak terus
f : Lha wong namung anak adopsi, kok.
G : Tambah ora ketompo
f : Lho, lha kok ... ?
G : Gawé anak baé aras2en, opo manèh nyambut gawé
G : Kowé wis ngerti gawéyanmu durung ?
h : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
h : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti gaweyané ?
h : Oo, nèk damelan niku mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
h : Lho, lha kok ... ?
G : Kowé rak mung arep keminter, to ?
G : Kowe ngerti kahanan kantor kéné durung
k : Dèrèng
G : Kowé ora ketompo
k : Sebabipun ?
G : Arep nyambut gawé kok ora ngerti kantoré ?
k : Wo, sekedhik2 mpun ngertos kok
G : Tambah ora ketompo
k : Lho, lha kok ... ?
G : Kowé senengané ngudhal-udhal wewadi kantor, to ?
G : Kowé kerep loro ?
m : Mboten
G : Kowé ora ketompo
m : Sebabipun ?
G : Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering
m : Wah, sakjanipun nggih asring
G : Tambah ora ketompo
m : Lho, lha kok ... ?
G : Kantor iki ora nompo karyawan pileren.
G : Kowé biso main Internét ?
n : mBoten
G : Kowé ora ketompo
n : Sebabipun ?
G : Perusahaan ora nompo BI (Buta Internet)
n : Wah, sakjanipun nggih saged
G : Tambah ora ketompo
n : Lho, lha kok ... ?
G : Mesthi ora bakal nyambut gawé, kakèhan dolanan Internet, to? Ngenték-entekké pulsa !
G : Kowe waras opo ora?
o : Lha, kulo nggih waras to Pak.
G : Ra ketompo.......
o : Kenging nopo ......?
G : Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
o : Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
G : Malah ra ketompo......
o : Pripun to niki....?
G : Mengko aku duwe saingan..........
^
pakdhe, kuwi wis diposting yu sumpe.. ::doh:: ::arg!::
http://2.bp.blogspot.com/_JP9OiUP__q...y-monkey-2.jpg
HAAAAAA Mosok thaaaa....
mathur sorry wkwkwkwkwk ::arg!:: ::doh::
http://4.bp.blogspot.com/_mmBw3uzPnJ...Monkeys_15.jpg
wis ora opo2 pakdhe, ora usah dipikir, sing penting tetep semangat..
Oo..ngono tah fer
http://img153.imageshack.us/img153/1561/pict4h.jpg
kandang munyuk'e pindah neng kene ::ngakak2::
Nang kene thread boso jowo ta? Lapo pasiene rsj nangkring ndu kene ::hihi::
neng kene mah opo ae ono ;D ... wes jaluk opo nak karo um fere d kei ::hohoho::
judule diganti dadi ngoceh dhisek nang RSJ ::hihi::
Ora enek quote option nang hpq ca ;D
Kudu di copas mulu ::hihi::
mosok seh?? mau isuk iso owk
yoi yu.. bener kuwi, meh njaluk duwit po?
nyooh..
http://i1074.photobucket.com/albums/...lfere/duit.jpg
ojo kang, nang kene sek pasien RSJ mung yu sumpe karo urju, liyane iseh waras2... ;D