nek aq biasane bagian pateh'an om ::hihi::
nek maculi dalan njenengan wae
Printable View
nek aq biasane bagian pateh'an om ::hihi::
nek maculi dalan njenengan wae
pateh'an kwui opo?? :tanya:
sek gawe teh om ::ungg::
diombe opo dinggo raup?? ;D
do rung bobo?
*iki arep mangkat jam 5.30 jam segini belum bobo juga ::doh::
arep nandi cak?
paskahan sing jam 06.30... cita cita sih.
nek ga iso yo sing ke-2. nek ga iso meneh. yooo sing jam ke-3 ::hihi::
lha?? :tanya:
emange ono pirang kloter cak? jam piro wae?
nek nang kuningan uakeeehhh jam 07.00, 09.00, 11.00, 13.00, 16.00, 18.00, jam 20.00 keknya juga ono
nek nang rawamangun gur 4. jam 04.00, 06.30, 09,00 ambek 17.00
kuwi maksute koyo banyu mili ngono cak?
nek wis bar, trus metu ganti uwong?
ho oh nek kuningan, kecuali sing jam 16.00
nek rawamangun ono selane sithik ;D
ediaann malah rung turu ik jam yah mene :((
Saknaliko Sardot dadi babu/kacung nang omahe Sodron
"dot...tulong aku jupuk'no kopi..."
"injih ndoro..."
5 menit sakwise
"niki topi'nipun ndoro..."
"budeg, kopi...ora topi...wis, ijol'no dhisik"
5 menit sakwise
"niki roti'nipun ndoro..."
"ya ampuuun dot...kopi...K.O.P.I...ora roti...wis, aku kadung males, tukok'no wae udud sbungkus...iki dwit'e, dwit susok'e gawe kowe"
15 menit sakwise
"niki ndoro, ses/udud'ipun..."
"lhoh...lha ndi susok'e ?"
"lha kan wau ndoro sanjang, artho kunduripun damel kulo...memange kulo budeg..."
Sodron: (gecek gecek udud'e) ::arg!::
pinttteeerrrrrrrr
sesuk mene baleni yooo :lololol:
mentang2 ndoro ameh nggobloki babu... ::ngakak2::
Taiwangi tah fer?
sampeyan ngomong opo tho ju? :tanya:
ramudheng..
Lek misale sampeyan akeh kerjoan..
aku ngomong Taiwangi tah? Sampeyan ngomong iyo tah ora?
walah.. maksute tak ewangi toh.. ;D
ono 3 bab sing ora iso dilakoni menungso!!!!
1. ngambung sikute dewe
2. ora iso nton kupinge dewe tanpo bantuan koco
3. ora iso ambeg'kan/b'nafas yen lg ngetokno ilate/melet
Spoiler for ..:
mesti mau praktek sek yo om ::hihi::
lha awakmu uwis praktek durung..?
aq reti mesti ono opo2ne dadi ura praktek ::hihi::
walah.. padahal kuwi apik lho dinggo kesehatan.. ;D
siggyku kok molah malih ki piye.. ;D
Critane Sardot lagi mertamu nang omah'e Pak haji
Sardot: lho,pak haji ugi remen ningali acara TV ?
Pak haji: iyo le...
Sardot: pak haji remen ningali acara TV nopo...
Pak haji: kwi le...seneng banget yen nonton acara kuliner...tentang masakan ngono kwi lah
Sardot: memang masak'an nopo ingkang Pak haji remeni...?
Pak haji: aku ora seneng karo masak'ane le...aku mung delok lambene sing gawak'no acara,yen pas ngincip'i masakan moco BISMILLAH opo ora...
Sardot: (banting TV) ::doh:: ::arg!::
kok dibanting?
lha critane pancen ngono.. ::ungg::
Dino sebtu lungo parangtritis
Barengan pacar numpak kreto
Malem minggu dompete tipis
Lungo pasar ngedol androk morotuo
::oops:: ::oops::
Saknaliko Sardot sing dadi wong perantauan nembe mlaku mlaku
ora kroso Sardot malah tekan nang stasiun ibukota
amargo bingung,Sardot takon karo petugas tukang jogo palang sepur
"pak...sepur jurusan Semarang sampun liwat?"
"oh...wis le...sejam kpungkur"
"menawi sepur jurusan Jogja?"
"kwi ugo wis liwat le...30menit kpungkur"
"lha sepur jurusan Suroboyo pak..."
"wis...telung jam kpungkur!!!" (rodhok jengkel)
"sepur ingkang jurusan..."
"kowe kwi sakjane ameh lungo ndi le..." pitakone tukang jogo palang sepur karo motong omongane Sardot
"mboten ing pundi pundi pak...kulo mung badhe nyebrang rel"
Tukang jogo palang sepur: (nangis getih ora mandhek mandhek)
::nangis:: ::nangis::
koyo lawakan dono kasino indro jaman biyen yo?? ::grrr::
Iki kok ora iso ngequote postingane wong liyane saka henpon..piye toh ca?
etca di celu "cak"!!!
awakmu lanang tha cta? ::ungg::
@fere
plisss ojo mbukak wadi asal muasal'e cah2 biyen do nyeluk aku "cak"
yooo ojo yoo.. cukup cah2 lawas ae sing ngerti ::doh:: ;D
cak, minta sate ayam donk ::ungg::
ooo.... ngono ta cak...
saiki wes ngerti nopo di celuk "cak" :iamdead: