etcak ra kenal mbak admin kantore si Fere
Printable View
etcak ra kenal mbak admin kantore si Fere
.
Mas tukang las no ngendi yo? | Meh ngopo? | Ngelasne mat*mu ben ora moto wedhoken!
Dik kok rambutmu wangimen to?|maca cih?|he eh. bar krimbat?|ora, mas. Mung keramas nggo m*lto pewangi sekali bilas ::doh::
Dab, ono Honda murah! Mung 50 cc! | Piro? Honda opo? | Pokoke murah! Honda…sssmu
TABRAKAN.
Supir lanang nesu: Aku ngedim2, maksude njaluk dalan!
Supir wedok: Aku nguripke wiper, kuwi maksude emoh! emoh!
Supir lanang jengkel: Kowe kok pekok men to mbak.. mbak.. ::doh::::arg!::
Ngelawak??
..
ora kang, kan judule ngoceh..
dadi arep nulis opo wae terserah sampeyan hehe ...
dagelanne marai ngguyu..
ono ra, dagelan sing marai ora ngguyu?
..
ono..
coba sawangen gambar uwong nang njero bunderan sing ono nang siggy-mu kuwi.. ::oops::
::ngakak2:: dino iki kok do mbahas siggy ku to?
koyone, giku sengojo ::arg!::
hahaha... ::ngakak2::
gak popo kang malah apik kuwi, sopo ngerti ono produser gak sengojo nyawang siggy-mu
trus kepikiran gawe sinetron judule Putri Yang Ditukar Akuarium,
trus akuariummu mlebu tipi, kan lumayan kang..
Wani piro??? Jarene mona
walah cowok matre iki.. ::doh::
duit kuwi nomer loro, sing penting mlebu tipi..
sedeng po awak semono mlebu tipi??::hihi::
walah.. iki meneh.. ::doh::
maksute dudu awak'e sing dilebokne nang tipi, tapi gambare wong kaosan kuwi thok ae sing dilebokne
opo sak ora-orane ditemplekne nang ngarep tipi..
nek d templek'ke yo mepeti nek arep delok tipi -_-
rapopo yu, sing penting iso ndelok awake nang tipi ;D
Quote:
Awale istilah POHONG
Pas jaman jepang pertama mlebu Indonesia, tentara Jepang patroli mubeng jogja. Trus tentara jepang mau ndelok akeh wong ngobong kayu ambek mangan-mangan.
Wong-wong ditakoni ambek tentara jepang:
"Kalian sedang apa?"
Jare wong jogja : "Kami sedang makan-makan tuan!"
Trus jepange takon maneh: "Makan apa?"
Wong jogja njawab: "Ketela pohon tuan!"
Jepange nyahuti: "Ha, ketela pohong !"
Marine kedadean iku, wong-wong ngarani ketela pohon iku POHONG.
Quote:
MUNGGAH TAKSI
Muntiyadi mari mulih jogo kiro-kiro jam rolas bengi.
Embong wis suepi, gak onok bemo sing lewat, ojek yo gak onok.
Muntiyadi malih merinding disko opo maneh ketepakan saiki malem Jum'at kliwon.
Mari ngenteni sui, akhire onok taksi liwat, waduh lumayan pikire.
Mari mlebu taksi lungguh ndhik mburi, Muntiyadi terus ngandani supir taksine njaluk diterno mulih nang Wiyung.
Mergo kekeselen, gak sui Muntiyadi langsung keturon pules.
Pas enak-enak turu, Muntiyadi moro-moro keroso taksine kok tambah alon.
Bareng didelok dhadhak supir taksine wis gak onok, tibake montore mlaku dhewe.
Muntiyadi tambah gemeter pas ndhelok tibake taksine lagi ngeliwati kuburan.
Mergo gak kuat nahan wedhi, Mutiyadi bengok-bengok ambek kepuyuh-puyuh "Tolong !!. . .tolong !!".
Moro-moro seko jendelone taksi, onok endhase supir taksi njengongok.
Muntiyadi tambah pucet gak karuan, tibake supir taksine ngomong ngene.
"Hee dab . .ojok turu wae . .Ewangono nyurung, montore mogok iki lho. ."
http://yogi.wen.ru/BANYOLAN.htmlQuote:
JOWO JEPANG
Kisah ini terjadi didaerah Purwokerto dimana bahasa Jawa disana menggunakan bahasa Jawa dengan dialek tertentu... banyumasan...
A : "Kamu bisa bahasa Jepang?"
B : "Bisa dong"
A : "Bagero artinya apa ... ??"
B : "Bagi loro"
A : "Kombangwa"
B : "Kompal kampil barange dawa..."
A : "Soredewa"
B : "Ngisore gede dawa..."
::ngakak2::::ngakak2::::ngakak2::Quote:
...Muntiyadi tambah pucet gak karuan, tibake supir taksine ngomong ngene.
"Hee dab . .ojok turu wae . .Ewangono nyurung, montore mogok iki lho. ."
melu ngoceh ahhh ::hihi::
Salesman
Kapan kae ono salesmen vacum cleaner teko ndik omahku
Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro salesman iku mau langsung nyebarno tembelek wedhus ndek karpet.
Jarene ngene " wes pokok'e buk, le sampek vacum cleanerku iki ora isok nyedot, tak jamin tak emplok'e sithok sithok tembelek wedhus iku"
Jare ewangku "peno kepingin di dulit sambel tha le ngemploke?"
" Lho opoko masalae?" salesman takok.
"La peno gak ndelok ta saiki lampu mati ..."
logat Madura ya?
salesman'e jenenge ray surya.. ::ngakak2::::ngakak2::::ngakak2::
wakakaka lucu lucu banget
nggawe esuk esuk nguyu baen ora mandeg mandeg
Iki thread malah dadi mbanyol
.
kan judule ngoceh ju, nulis opo wae keno sing penting nganggo boso jowo soale nang forum bahasa hehe..
Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.
"Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Bunali
"Yo lumayan " jare si Mbah
"Pira kabehe, Mbah ?" takon Bunali maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare Wonokairun ambek ngarit suket
Bunali takon maneh.
"Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
'Sing ireng, wis'
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."
Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.
"Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?"
"Ngene lho, sing putih iku wehusku..."
"Lha sing ireng ?"
"Podho . . ."
::doh::::arg!::::arg!::
::ngakak2:: gebleg
::ngakak2::::ngakak2::
isuk2 arep mateni komp, malah digawe ngguyu kepingkel2..... ::ngakak2::
kuwi ora gebleg, ning ndelul.. :lololol:
ndelul wi opo, ca? podo karo ngeyel?
ndelul ki beda tipis ambek oon ;D
cek kamus besar pepak boso jowo :ngopi:
Edhan aku wingi dolan nang Parangtritis sedinoan saeki keno "litel bodi" (S*let Gatel Kelebon Wedi)
::hohoho::::hohoho::
nyelempit lewat kiwo...
::oops::::oops::
sajake silitmu pancene mengo terus
::ngakak2::
agitho selalu menerima tamu
aku yo lagi krungu iki istilah "ndelul"
omahmu cedhak parangtritis tho dab?
ayo bun, tulisen critamu nang kene..
tamune cilik-cilik ::ngakak2::
http://i1074.photobucket.com/albums/...-blangkon2.jpg
percoyo keno, gak percoyo yo keno, tibakno the beatles ki asline jowo..::ngakak2::
Santoso kerjone angon wedhus, lek mangkat esuk molih sore.
Pas nggiring wedhuse mlebu kandang kok kurang siji.
Santoso nggoleki muter-muter gak ketemu-ketemu.
Akhire Santoso menek uwit beke wedhuse ketok teko ndukur,
tapekno gak ketok jugak.
Pas arep mudhun Santoso kaget, gak sido mudhun soale ndhok ngisor
uwit onok mat Pithi mbarek Saropah lagi pacaran.
“Dik, bukaken rokmu age, aku mung kate ndelok ae kok” jare mat Pithi
“Ojok ah cak, aku wedi engkok onok setan liwat” jare Saropah.
“Sumpah dik, aku mung pengin eruh ae kok, ayo ta bukaken…sumpah
tenan dik, wis ta percoyo-o” mat Pithi wis gak sabar.
Krungu sumpahe mat Pithi, Saropah langsung ngangkat rok-e (tibakno gak nggae kathok).
“Wuik….. apike rek….. sak ndonya ketok kabeh” jare mat Pithi.
Santoso krungu ngono langsung mbengok
“Om, om, tulung delokno wedhusku ndhelik ndhok kono gak?” ::doh::
sumbere
^
^
aku kok ra mudheng yo?? %?
iku maksude dipisuh2i yo? ::oops::
Plang Nyolowadi
“Mu, Mu. Plang kae kok Nyolowadi, to”
“Endhi ?”
“Kae. Cóbo, wacanen”
“Disini sedang dibangun gedung baru”
“Disini ?”
“Lha piye ?”
“Kabèh wong ngerti nèk ‘disini’. Dhudhu disono”
“Ho oh, yo. Nèk ngónó tulisane kari ‘sedang dibangun gedung baru”
“Sedang ?”
“Lha piye ?”
“Kabèh wong ngerti nèk ‘sedang’. Dhudhu ‘belum’ ”
“Ho oh, yo. Nèk ngónó tulisane kari ‘dibangun gedung baru”
“Dibangun ?”
“Lha piye ?”
“Kabèh wong ngerti nèk ‘dibangun’. Dhudhu ‘diambrolke’ ”
“Ho oh, yo. Nèk ngónó tulisane kari ‘gedung baru”
“Gedung ?”
“Lha piye ?”
“Kabèh wong ngerti nèk kuwi ‘gedung’. Dhudhu ‘jembatan’ ”
“Ho oh, yo. Nèk ngónó tulisane kari ‘baru”
“Baru ?”
“Mbûh, mbûh, mbûh ...... “
saoskecape
*crita nang duwur iku nek ngunu kuwi sopo sing pethuk jal?? ;D
sik sik nek fere ambek Ray Surya durung tahu krungu istilah pethuk. kudu ngungsi nang alas wae lah =))
mosok istilah ndelul rung tahu krungu seh?