PDA

View Full Version : [Tanya] - Bahasa Jawa -



Pages : [1] 2 3

etca
18-02-2011, 02:39 PM
yuk mbak, mas, pak, buw, ngobrol ngagem boso jowo dateng mriki ;)

Agitho_Ryuki
18-02-2011, 02:42 PM
wah mbak yu... Kulo meniko mboten saged boso jowo jew... Mbok liyanipun boso jowo mawon... hi hi hi....

etca
18-02-2011, 02:55 PM
wah mbak yu... Kulo meniko mboten saged boso jowo jew... Mbok liyanipun boso jowo mawon... hi hi hi....
Lah ingkang mangsuli kolo wau sinten?

demitipun agitho? xiixixixii

Agitho_Ryuki
18-02-2011, 02:57 PM
kadose nggih kulo piyambak... Tapi saestu loh Mbak yu.. Kulo niki boten saged boso jowo... he he he... Nggih kirangan niki kok driji kulo saged ngetik mekaten... :p :p :p

etca
18-02-2011, 03:09 PM
wah, "kirangan"
iku boso kan rodorodo ndesok yak?

"nggih duko puniko" = kirangan kan yak?

Agitho_Ryuki
18-02-2011, 03:13 PM
wah... Yen ten mBantul menika "kirangan" = mboten retos...

etca
18-02-2011, 03:17 PM
iyo podo ae,
= mboten ngertos...

btw,
nang solo = cetithet
nang yojo = bleng
iku bahan kanggo gawe karak wkwkkwkw
lucu lucu istilahe.

Agitho_Ryuki
18-02-2011, 03:21 PM
sing aku pngung yoan....
nang solo : gandok
nang jogja : opawon

nang solo : yo gene
nang jogja : ????

etca
18-02-2011, 03:43 PM
gandok opo seh?

Agitho_Ryuki
18-02-2011, 03:52 PM
nek ng jogja pawon, indonesiane dapur.... gandok ki bahasa klaten...

ningsih
18-02-2011, 05:14 PM
badhe usul : pripun menawi wonten translate-nya?soalnya aku ora mudheng

etca
18-02-2011, 05:24 PM
badhe usul : pripun menawi wonten translate-nya?soalnya aku ora mudheng

ora mudheng kepriben? lah kuwi yo ngomong jowo...

btw ningsih ki sopo seh?

Agitho_Ryuki
18-02-2011, 06:27 PM
Kulo nggih mboten mangertos sinten sa'meniko?? Ningsih... panjenengan niku sinten nggih?? hi hi hi...

bonny gooner
23-02-2011, 10:58 AM
lah, aku ora iso ngomong boso jowo sing alus ik, isone kasar2 ngono, hehehe...

Agitho_Ryuki
23-02-2011, 11:19 AM
ra isoh boso jowo alus yo ra popo mas dap brow.. aku yo ra isoh kok...

pasingsingan
24-02-2011, 06:00 PM
@mbun:
coba diamplas dikit
ben dadi rodo alus yak




ikikikik

bonny gooner
25-02-2011, 06:48 PM
ndhi amplase? ning omah ora ono... :P

Agitho_Ryuki
26-02-2011, 12:32 AM
nganggo lemah po pasir ae yo alus kok.. opo di dempul sisan ae...

etca
28-02-2011, 10:50 AM
nganggo wedi wae... ning ojo kewedennn... ;))
ra nyambung babar blas.. :D

Agitho_Ryuki
28-02-2011, 03:54 PM
nek nganggo wedi ndak keno penyakit "litel bodi" mbak ayune...
silit gatel kelebon wedi....
:malumalu:

desah_angin
28-02-2011, 06:33 PM
iki ngopo gowo2 silit

Agitho_Ryuki
01-03-2011, 12:23 AM
Lah awake di lus nganggo wedi jew Mbah.. dadi ono sing mlebu silit wedine...
http://www.laymark.com/i/o/27.gif

fullmoonflower
02-03-2011, 02:49 AM
Lah awake di lus nganggo wedi jew Mbah.. dadi ono sing mlebu silit wedine...
http://www.laymark.com/i/o/27.gif

sajake kok koyo pengalaman pribadi...

lha kok ngerti nek kuwi rasane gatel? xixixixi... ;))

etca
02-03-2011, 10:26 AM
wah tritku kok dadi mambu koyok ngene :lololol:



wis ah makaryo sikikkk...*logat yojone metu ::elaugh::

fullmoonflower
04-03-2011, 05:43 AM
yo nek mambu disemprot parfum, Ca.. opo lengo srimpi? ;))

etca
11-03-2011, 09:56 AM
emoohh pinginne mintak nyong-nyong ae :lololol:

Agitho_Ryuki
21-03-2011, 02:29 PM
kok njur sepi ki kepiye Cah??

etca
21-03-2011, 03:18 PM
Sirahku ngelu. Mau isuk turu nang angkot kejedot2 terus. Tekan kantor trus critané sregep nyambut gawe. Lah ko jam 11 flashdiské marketing isine virus thok marai kompieku matek. Wis jan marai males tenan.

el sol
21-03-2011, 09:10 PM
ben ra kejedot-jedot nganggo helm no ekekekkk..

DH1M4Z
22-03-2011, 12:32 PM
tapi kudu sing SNI, mengko mundak ditangkep pak pulisi...

el sol
22-03-2011, 07:27 PM
bener kuwi.. nggolek sing SNI, sing rapetan, ben nek ngiler ra konangan ikikikik..

ga_genah
25-03-2011, 06:49 PM
lha iki ngomomg opo tha...
blas ngak ngerti.. ngomonge logat suroboyoan... :mrgreen:

Agitho_Ryuki
31-03-2011, 02:23 PM
ngomongke helm mbah... Yen meh ngunu kuwi nganggo pengaman sek sing SNI mengko ndak ciloko... :D

tezar
24-04-2011, 08:23 PM
lieur, teu ngertos sadayana :run:

eve
24-04-2011, 08:44 PM
eh, wonten garwanipun kulo teng mriki...
Ajeng pados nopo yah?

red>,<hair
24-05-2011, 02:42 AM
kulonuwun ... nderek leyeh2 wonten mriki :o

beastmen85
24-05-2011, 08:09 AM
lah, aku ora iso ngomong boso jowo sing alus ik, isone kasar2 ngono, hehehe...

podho wae karo aku, iki piye toh, wong jowo kok lali jowone? :lololol:

kromo inggil susah tenan :lololol:

Kingform
24-05-2011, 09:39 AM
podho wae karo aku, iki piye toh, wong jowo kok lali jowone? :lololol:

kromo inggil susah tenan :lololol:

podho mas....
ket biyen paling ga iso ngomong kromo inggil karo ngoko alus...

nek ulangan boso jowo ae sampe ngepek....:lololol:

Agitho_Ryuki
25-05-2011, 02:24 PM
Kulo nggih sami... Mboten saged kromo lan kromo inggil..

opera
26-05-2011, 01:41 PM
ngomong apa sih kie...
pada ngapak ngapak ora?

beastmen85
04-06-2011, 11:34 AM
aku eling, biyen jamane SD karo SMP saben ulangan jowo mesti ora iso aksara jawa :D

gurune wenehi biji yo mek oleh 5 :)) *bangga

jaman saiki aksara jawa wes ora payu toh?

oh budaya bangsa kita .... :(

etca
04-06-2011, 11:44 AM
aku eling, biyen jamane SD karo SMP saben ulangan jowo mesti ora iso aksara jawa :D

gurune wenehi biji yo mek oleh 5 :)) *bangga

jaman saiki aksara jawa wes ora payu toh?

oh budaya bangsa kita .... :(
isih payu thoo yoo aksara jawa,
nang solo, plang dalan2 nganggo aksara jawa
trus jeneng gedung ugo ono plang nganggo aksara jawa.


ngomong apa sih kie...
pada ngapak ngapak ora?
weh panjenengan ngapak2 po?
*ra iso ngapak2 je ::elaugh::

opera
04-06-2011, 12:00 PM
aja kaya kue lah mba etca...
dasare ngapak ya ora bisa ilang ilang
kawit nggembiyen ya kaya kie
mboke nyong ya ngapak ngapak sih
wis keturunan dadi ora bisa ilang
kadang ya njelehi nek diguyu tapi kepriwe lah wis nasib kaya kie

ancuur
04-06-2011, 12:41 PM
http://www.youtube.com/watch?v=bERaoGq1jFA

bush arep melu.. cangkru'an yo..!!

aya_muaya
10-06-2011, 09:47 AM
wes jan.. aku nek neng omah, ora payu nganggo boso jowo wong bojoku raiso boso jowo, isone boso sunda..

mbiyen tau weruh neng trans semarang, ono cah cilik (3y) fasih banget boso jowo kromo ambek bapakke diajari.. keren yo..

deddy
10-06-2011, 09:54 AM
wee....akeh wong iso ngomong jowo yo..... aku malah wes lali ngomong jowo ki .... luweh2 kromo inggil.....

piye nek ngomong boso jowo sing alus wae.... ben ora lali.....

kulo wiwiti njih ..... ekekekekke

aya_muaya
10-06-2011, 10:18 AM
dalem inggih mboten saged krami.. kaliyan tiyang sepuh kulo mboten dibiasaaken krami..

etca
10-06-2011, 10:20 AM
monggo pinarak..
sekalian dipun unjuk, unjukanipun.. :minum2:

@opera
asli banyumasan po? kok ngapak2.

@aya
lah aku wae nang kene isone malah ngoko, ambek mbakyuku yo ngoko,
bedo karo bulikku ngobrol ambek mbayune mbarep nganggo kromo inggil :D

aya_muaya
10-06-2011, 10:22 AM
tapi yo isin banget ambek cah cilik neng trans... iso kromo alus...

Urzu 7
24-06-2011, 04:00 PM
Kulo boso honocoroko wes lali blas nulise piye

opera
24-06-2011, 04:15 PM
ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa da ja ya nya
ma ga ba ta nga

masi inget kata katanya tapi sudah lupa aksara nya .... nti ada caping, pepet, dipangku ehehehehee....

etca
24-06-2011, 04:20 PM
pantes, tritku ra payu :lololol:

iki biyen nate ta posting nang kene (http://www.kopimaya.com/forum/showthread.php?1534-Carakan)

etca
24-06-2011, 04:29 PM
http://i278.photobucket.com/albums/kk120/etcakk/opera.jpg

http://i278.photobucket.com/albums/kk120/etcakk/k1.jpg
kopimaya ::elaugh::

Urzu 7
25-06-2011, 12:13 PM
Biyen pas sek sd apal aksara honocoroko saiki wes lali

etca
25-06-2011, 01:05 PM
@Urzu,
SMP isih entuk pelajaran bahasa daerah ra?

nek SMA kok aku lali yo,
koyone wis ga entuk

Kingform
25-06-2011, 01:06 PM
^
podho...aku yo wes lali hanacaraka
padahal biyen lumayan mahir

Kingform
25-06-2011, 01:07 PM
@Urzu,
SMP isih entuk pelajaran bahasa daerah ra?

nek SMA kok aku lali yo,
koyone wis ga entuk
aku pas smp isih entuk pelajaran boso jowo
sma blas ga entuk

etca
25-06-2011, 01:29 PM
nek pelajaran karawitan?
gamel ambek nari

jaman biyen biji paling duwur gamel nyekel bonang barung karo bonang penerus
nek aku paling cekelane koyo saron, gender & slenthem...

ancuur
25-06-2011, 01:45 PM
nek pelajaran karawitan?
gamel ambek nari



iki nek sekolahan neng n'deso wkwkwkwk..
saiki ora jamane karawitan n'duk .. saiki jaman'ne joget patah2 kuwi loh wkwkwk... :lololol:

Kingform
25-06-2011, 01:46 PM
karawitan blas ga tau entuk....::elaugh::

ancuur
25-06-2011, 01:59 PM
karawitan blas ga tau entuk....::elaugh::


http://www.youtube.com/watch?v=52v8Djds_x4

sing iki loh Karawitan...


http://www.youtube.com/watch?v=8mTvRlLryp4&feature=related

nek aku luwih seneng sing kalem koyo iki lho.. pancen oyeee :jempol:

etca
25-06-2011, 02:13 PM
iki nek sekolahan neng n'deso wkwkwkwk..
saiki ora jamane karawitan n'duk .. saiki jaman'ne joget patah2 kuwi loh wkwkwk... :lololol:
=)) mbahmu kipeerrr...
nganti saiki isih owk pelajarane karawitan
isih ono gamel lan nari *ora trimo :))



karawitan blas ga tau entuk....::elaugh::
wehh mosok semarang ga ono ?
eh awakmu nang semarang tho?

etca
25-06-2011, 02:24 PM
wah nek manthou's mah babe ra seneng, rodo kasar ukarane..

http://www.youtube.com/watch?v=gv61FzhDyMc&feature=related
wah jan larassss tenan kii
iki tari opo ya? kumajaya kumoratih dudu?

ancuur
25-06-2011, 02:24 PM
=)) mbahmu kipeerrr...
nganti saiki isih owk pelajarane karawitan
isih ono gamel lan nari *ora trimo :))



wehh mosok semarang ga ono ?
eh awakmu nang semarang tho?

http://www.withhenny.com/wp-content/uploads/2010/10/mbah-maridjan.jpg

mbahku sampun inalilahi .. =))

etca
25-06-2011, 02:54 PM
hush ora pareng ki...
kuwalat loh mengko...

emang mbah ancuur asline saking pundi?

Urzu 7
25-06-2011, 04:05 PM
Mbah ancuur asline wong arab wkwkwk

ancuur
25-06-2011, 04:34 PM
etca asliqu seko m'bandung...
ning konco kuw wong jowo uakeh tenan :jempol:


nb: ne urju iku asline wong gendheng wkwkwkwk :luck: j/k 'cak :P

red>,<hair
03-07-2011, 07:51 PM
weeee pakde qi iso boso jowo to :D ....

Urzu 7
03-07-2011, 07:58 PM
Iso boso bosi

red>,<hair
03-07-2011, 08:03 PM
weleh mambu no nek bosii -_-

etca
03-07-2011, 08:40 PM
bosii opo bosokkkkkk?? ::elaugh::

aya_muaya
03-07-2011, 09:18 PM
bosi ki lak sanes basa jawi to nggih?

etca
03-07-2011, 09:40 PM
@aya,
embuh yo, wong yo ra kenal ukoro : bosi :D

red>,<hair
03-07-2011, 09:54 PM
kan iso di jawak'e dadi mbosi :luck:

aya_muaya
03-07-2011, 10:03 PM
mboten wonten mbakyu.. Wontenipun gedebus... Ingkang wonten ing basindo kasebut omong kosong...

ndugu
05-07-2011, 10:19 PM
eh, bikin terjemahannya donk di bawahnya per kalimat (kalo ga keberatan) :cengir:
sepertinya bahasa indo dan jawa share lumayan banyak kata2 yang sama ya..

aya_muaya
06-07-2011, 03:35 AM
leres diajeng ndugu....
Sebabipun, kathah basa indonesia ingkat disadur saking basa jawi...
Menawi saking basa liyanipun ugi wonten namung kados sakedik...kayata arab, belanda, jepang, lan sanes2ipun..
Sakjane sedaya ukara jawi saget di-bahasa indonesiakan, namung wonten ukara ingkang mboten saget, kayata 'x kundhuran bus' napa basa indonesianipun?

aya_muaya
06-07-2011, 03:38 AM
jamanipun dalem alit, wonten mawaca ingkang asmanipun djaka lodang. Inggih menika seserat ingkang ngagem ukara krami sedayanipun.
Sakniki mboten pangertos taksih wonten napa mboten...

ancuur
06-07-2011, 04:07 AM
weeee pakde qi iso boso jowo to :D ....


http://www.youtube.com/watch?v=v7ZNibJ5UFE&feature=related

Obama boso jowoan ne apik nemen ... :jempol:

deddy
06-07-2011, 08:00 AM
@aya,
embuh yo, wong yo ra kenal ukoro : bosi :D

tca...bosii iku artine udan ...... boso sulawesi ....

aya_muaya
06-07-2011, 08:35 AM
dinten menika atis tenan... wau enjing nglilir wayah esuk jam 1.30, ndamelke aulia susu, lajeng dalem tilem maleh...

etca
06-07-2011, 09:07 AM
tca...bosii iku artine udan ...... boso sulawesi ....
woalaaahh pantesan ae aku ra ngerti.. ::elaugh::


eh, bikin terjemahannya donk di bawahnya per kalimat (kalo ga keberatan) :cengir:
sepertinya bahasa indo dan jawa share lumayan banyak kata2 yang sama ya..
iyo.. anceno akeh sing podo nek nganggo boso ngoko
(iya memang banyak yang sama kalau menggunakan bahasa ngoko)
note dalam bahasa jawa ada beberapa tingkatan, ngoko - madya - krama

nek sing ditulisno si aya iku nganggo kromo inggil
(kalau yang dituliskan si aya itu menggunakan kromo inggil)

ingkang dipun serat kaliyan rara aya punika mawi kromo inggil --> kalimat yang sama tapi ditulis dengan bahasa krama inggil
(kalau yang dituliskan si aya itu menggunakan kromo inggil)

etca
06-07-2011, 09:09 AM
dinten menika atis tenan... wau enjing nglilir wayah esuk jam 1.30, ndamelke aulia susu, lajeng dalem tilem maleh...

lah njih leres, lha wong kala wau dalu kan jawah..
(lha ya bener, wong semalam kan hujan)
jakarta - semarang, samisami jawah nggih?... .
(jakarta - semarang, samasama hujan ya..?)

ancuur
06-07-2011, 04:31 PM
http://www.youtube.com/watch?v=N-BwNSC-l1M&feature=player_embedded#at=96

setel lagu dise ah.. iki lagu kangen2an ne si mboK X_X

aya_muaya
06-07-2011, 05:10 PM
lah njih leres, lha wong kala wau dalu kan jawah..
(lha ya bener, wong semalam kan hujan)
jakarta - semarang, samisami jawah nggih?... .
(jakarta - semarang, samasama hujan ya..?)

semarang mboten jawah mbakyu...

(semarang enggak ujan mbak..)

aya_muaya
06-07-2011, 05:11 PM
setel lagu dise ah.. iki lagu kangen2an ne si mboK

masang lagu dulu ah..ini lagu rindu2nya si mbok.. (mbok ki sopo yo ra ngerti..)

ndugu
07-07-2011, 01:40 AM
wah, matur nuwun yo :cengir:
neng kene ora jawah :cengir:

btw, apa sih perbedaan penggunaan kowe dan sampeyan? apa bedanya di tingkat kekasarannya?

ancuur
07-07-2011, 01:45 AM
masang lagu dulu ah..ini lagu rindu2nya si mbok.. (mbok ki sopo yo ra ngerti..)

mbok aya :P

aya_muaya
07-07-2011, 06:06 AM
mbok aya :P

*ngeplak ancuur nganggo kulite duren...
(keplak ancuur pakai kulit duren)

Nyuwun sewu nggeh pakdhe, dalem mboten kenal serat menika...
(sorry ya...gw gak kenal tuh lagu,..)

Mbok bilih niku ingkang pantes nggeh pas wayah timuripun pakdhe...
(keanya pantasnya ya pas jaman mudanya pakdhe ancuur..)

aya_muaya
07-07-2011, 06:19 AM
wah, matur nuwun yo :cengir:
neng kene ora jawah :cengir:

btw, apa sih perbedaan penggunaan kowe dan sampeyan? apa bedanya di tingkat kekasarannya?

kowe, sampeyan, panjenengan, awakmu... Kadhos tingkatanipun.. Menawi kalian rencang ingkah seumuran, ngagem ukara kowe. Kagem tiyang ingkang luwih sepuh, ngagem sampeyan, menawi kramanipun menika panjenengan. Mbok bilih mekaten..

opera
07-07-2011, 08:58 AM
enyong dadi kelingan plajaran basa jawa pas sd karo smp
sma wis ora ana basa jawa ;))

aya_muaya
07-07-2011, 01:43 PM
lho, sampeyan niki tiyang tegal toh?

Urzu 7
07-07-2011, 02:09 PM
Ono wong londo mari ndelok gambar iki trus takon artine opo?
http://images.plurk.com/3146301_e1a3ae7c23b7c26d02e7b4ebc815c972.jpg

aya_muaya
07-07-2011, 02:23 PM
sakdherengengipun satunggal sampeyan niki, sak rampungipun soyo koyo buah peer...

etca
07-07-2011, 02:27 PM
@urzu..
=)) =)) =)) asliiiiiiii kreatipppppppppp tapi saru kan?

ndugu iso moco ra yo?
(ndugu bisa baca ga ya?) :lololol:

Urzu 7
07-07-2011, 02:36 PM
sakdherengengipun satunggal sampeyan niki, sak rampungipun soyo koyo buah peer...

Malah tambah mumet wong londo'e mocone

etca
02-09-2011, 07:18 AM
Kulo nuwun. Kok radi sepen nggih.
Badhe ngaturaken sugeng riadi..

heihachiro
02-09-2011, 07:34 AM
sugeng riyadi, sadaya kalepatan nyuwun pangapunten, menawi mboten lali angpaonipun :P

Urzu 7
02-09-2011, 07:59 PM
^sugeng riyadi CJ karo imlekan;D

etca
02-09-2011, 08:21 PM
Eh arek2 ki akeh sing nang semarang yo?
Urju ki nang endi tho? Heihachiro?

dukunjawa
16-12-2011, 10:51 AM
wahhh..., basa jawamu padha morat-marit kabeh ::doh::::doh::::doh::::

etca
16-12-2011, 11:00 AM
Sak sir thooo.. :))

wong kok sewot =)) =))

dukunjawa
16-12-2011, 11:07 AM
dohhhhhh ::doh::::doh::::doh::

cha_n
16-12-2011, 01:48 PM
podho wae, sampeyan morat marit juga *lhaaa sok2an bahasa jawa*

tsu
16-12-2011, 02:09 PM
ngapunten

kulo nggih mboten saget kromo inggil, namung kromo madya, mboten menopo toh ?

heihachiro
16-12-2011, 02:11 PM
mboten nopo2 dab ;D

ingsun ugi teu tiyasa basa jawa krama inggil ::hihi::

pasingsingan
16-12-2011, 02:11 PM
bahasa jawa tuh susah, krn tdk ada sutandarnya
jawa dibagian tengah halus
makin kebarat atau ketimur semakin kasar ::takmungkin::

etca
16-12-2011, 02:17 PM
podho wae, sampeyan morat marit juga *lhaaa sok2an bahasa jawa*
mosok iki chan?? koyone dudu dewhhh.. ::hihi::

pasingsingan
16-12-2011, 02:21 PM
mingkun itu co.ass-nya chan :D

cha_n
16-12-2011, 02:57 PM
woi iki chan 100%, ndelok IP-nya, ngapunten kalo nyampur jawa kasar, mboten ngertos bedane ::ngakak2::

eh ajarin dong bahasa jawa, mau pulang ke blitar nehhhhhh heleppppp

Sanghyang Ismaya
17-12-2011, 08:28 AM
Anggenipun nyerat basa Jawi ngangge carakan latin sami klentu; menawi nyerat ngangge huruf latin sedaya ingkang ungelipun "o" diserat kanthi huruf "a" tuladhanipun : Basa = Bahasa ; tandha = tanda ; randha janda ; lsp nanging kawaos "boso" ; "tondho". O-nipun boten mawi taling-tarung.

Menawi dipun serat "o" punika tegesipun ngangge taling-tarung. Tuladhanipun : coro = kecoak ; loro = dua ; bojo = suami / istri.

Dados "cara" (cara) benten kalian "coro" (kecoak); "loro" (dua) - "lara" (sakit)

dukunjawa
17-12-2011, 10:05 AM
Anggenipun nyerat basa Jawi ngangge carakan latin sami klentu; menawi nyerat ngangge huruf latin sedaya ingkang ungelipun "o" diserat kanthi huruf "a" tuladhanipun : Basa = Bahasa ; tandha = tanda ; randha janda ; lsp nanging kawaos "boso" ; "tondho". O-nipun boten mawi taling-tarung.

Menawi dipun serat "o" punika tegesipun ngangge taling-tarung. Tuladhanipun : coro = kecoak ; loro = dua ; bojo = suami / istri.

Dados "cara" (cara) benten kalian "coro" (kecoak); "loro" (dua) - "lara" (sakit)

boten wonten ginanipun kapituturan, kang. jalaran sadaya sampun rumaos wasis lan wegig ing bab paramabasa, dados tiwas andadosaken isin piyambak yenta anenuturi tiyang ingkang boten ngertos nanging boten angrumaosi dhumateng anggennipun boten ngertos.

etca
17-12-2011, 11:00 AM
Wew *ampe plepeken
justru dgn kedatangan para sadulur [ngelirik dukunjawa n SHI] di kopimaya saged nulari kawruh ingkang sampun salah kaprah.

*nyuwun ngapunten dereng saged posting panjang2. Ngelu suwe2 ol saking hp, weteng dikocak2 nang jero bis, tulisan cuilik menik2.

Sekalian curcol nggih, rumiyin taksih wonten eyang2, pakhe budhe, bapak ibu, kathah praktek lah.
Kathah ingkang dipun conto.
kebanyakan 'lu gw' jadina kosa kata kathah ingkang ical. *sigh

dukunjawa
17-12-2011, 11:31 AM
wegahhh.., males. tuwas isin dhewe.. ::doh::::doh::::doh::

etca
17-12-2011, 12:06 PM
Maksudna?
Halagh wong tuo ora wenehi contoh sing becik :P

BundaNa
17-12-2011, 03:18 PM
walah, kedah ngagem kromo inggil nggeh? Dalem mboten saget kromo inggil, maklum tiyang alas::arg!::

ancuur
17-12-2011, 03:32 PM
Iki ceritane kancaku sing tau urip ning asrama.

Ceritane ki asrama khusus cah lanang ning daerah Kedu, asrama kuwi dadi siji karo sekolahane.
Pengurus asrama duwe aturan sing ketat, yoiku sakbare jam 10 bengi, kabeh lampu dipateni, maksude ben bocah2 podo turu. Wis ngono mateni listrike langsung seko meteran listrik, dadi ora mung lampune sing mati, tapi kabeh listrik mati (maklum kejadian jaman kawak).
Lah ceritane kancaku kuwi biasane nguyuh ning kamar mandi sak durunge jam 10 bengi, mumpung ijeh ono listrik, ijeh ono lampu. Ning asrama ki bangunane wis tuwo lan rodo singup, mulane kebiasaane bocah2 kono podo nguyuh ning kamar mandi sakdurunge lampu mati jam 10 bengi.
Kejadiane pas kancaku iku keturon seko sore,.. tangi2 wis jam 11 bengi, trus malah kebelet nguyuh... blaik, padahal listrik wis dipateni kabeh, lampu ora iso urip.
Mergo wis kebelet, timbang nguyuh ning kathok, akhire kancaku kuwi mau nekat ning kamar mandi, padahal peteng ndhedhet...
Yo wis,... karo wedi2 sithik,.. ngragap2 akhire tekan ning kamar mandi,... trus ngragap2 meneh, tekan lawang. Dasar lampune mati, peteng ndedet, kancaku kuwi mung kiro2 wae, trus mlebu kamar mandi. Banjur, kiro2ne kancaku iku wis tekan ning ngarep kakus (WC jongkok),... ijek dalam keadaan peteng ndedet, kancaku mbukak kathok,... trus ngarahke "kran ledeng semata wayange" ning bolongan kakus (mergo peteng ndedet, kancaku iku cuma kiro2 nek ning ngarepe WC kakus jongkok)...
Akhire mulailah kancaku nguyuh...
Karo merem2 ngerasakke lego.... ngerti2 ono suoro njerit ning ngarepe " HWAAAAAA!!"
Kancaku kaget, girapen,... keweden,...trus melu njerit sisan " SETAAAAAN ",....karo mblayuuu nabrak ember,..trus tibo kejlungup. (aku ora ngerti, koyone "kran ledenge" durung dibalikke mlebu kathok... alias ijeh ingak-inguk ning njobo)...
Ternyata sak asrama podo kaget, trus podo metu kamar, curiga ono kedadean opo ?.... nganti bapak asramane metu, trus lampu diuripke meneh...
....
Jebule pas kancaku ngadeg ning ngarep WC jongkok iku, pas nguyuh,... ning ngarepe ono uwong ndhodhok lagi ngising. dadi pas kancaku iku nguyuh, pas ning ngarepe raine sing lagi ngising. ... dadi kancaku iku nguyuhi raine kancane sing lagi ngising ning kono. "pantesan, raiku kok anget ...", jarene bocah sing diuyuhi kuwi mau……

(iki boso jowo terminal...) X_X

cha_n
17-12-2011, 06:50 PM
ya udah bodo amat lah morat marit yang penting sama2 ngerti dulu, namanya juga belajar bahasa, ga mungin lah langsung pinter.
kalo emang ngerasa lebih pinter, ajarin saya yang blm ngerti ini dong...
apaan kek gitu, kursus singkat gitu... trus kalo bisa ada translate nya dong, biar bisa sekalian belajar bahasa jawa...
makasih ::maap::

Sanghyang Ismaya
17-12-2011, 07:15 PM
boten wonten ginanipun kapituturan, kang. jalaran sadaya sampun rumaos wasis lan wegig ing bab paramabasa, dados tiwas andadosaken isin piyambak yenta anenuturi tiyang ingkang boten ngertos nanging boten angrumaosi dhumateng anggennipun boten ngertos.

Hamit pasang kaliman tabik kangmas Dukunjawa;

Inggih kados punika tiyang ingkang samar kalingan padhang; kesandhung papan rata; lan ketatap awang - awang, prasasat kados nguyahi segara. Panci boten gampil menawi badhe ngajak para kadang ingkang sanes sami 'mulat sarira hangrasa wani' - tumindak ingkang mekaten punika bok menawi jalaran nyonto para sesepuh ingkang sami lenggah dados para pangreh praja.

Pramila kula nyuwun kangmas dukun supados tansah kersa paring piwulang; sanadyan boten wonten ingkang ngrewes hananging sampun dados kuwajibanipun panjenengan ingkang kagungan kawruh kagem paring kali damar marang para kawula sedaya. Nuwun sewu, punika wau namung panemu kula kemawon, ingkang taksih cubluk ing kawruh...

---------- Post added at 06:15 PM ---------- Previous post was at 06:12 PM ----------


walah, kedah ngagem kromo inggil nggeh? Dalem mboten saget kromo inggil, maklum tiyang alas::arg!::

eh..eh..eh.. laeee laeee mbegegeg ugeg ugeg sadulita hemel hemel...

Panjenengan punika salah sawijining tiyang alas? sumangga kula aturi ndhelik rumiyin; nembe kathah tiyang alas ingkang nemahi cilaka; jalaran rebutan lahan klapa sawit...

dukunjawa
17-12-2011, 07:17 PM
lha morat-marit diarani morat-marit ora gelem, ya tegese rak wis wasis.., lah inggih sampun sumangga ta.., ngaten kemawon kok repot lho..

(salah manehhhh..., salah maneehhhh... dhohh ::doh::::doh::::doh::)

BundaNa
18-12-2011, 02:48 PM
Hamit pasang kaliman tabik kangmas Dukunjawa;

Inggih kados punika tiyang ingkang samar kalingan padhang; kesandhung papan rata; lan ketatap awang - awang, prasasat kados nguyahi segara. Panci boten gampil menawi badhe ngajak para kadang ingkang sanes sami 'mulat sarira hangrasa wani' - tumindak ingkang mekaten punika bok menawi jalaran nyonto para sesepuh ingkang sami lenggah dados para pangreh praja.

Pramila kula nyuwun kangmas dukun supados tansah kersa paring piwulang; sanadyan boten wonten ingkang ngrewes hananging sampun dados kuwajibanipun panjenengan ingkang kagungan kawruh kagem paring kali damar marang para kawula sedaya. Nuwun sewu, punika wau namung panemu kula kemawon, ingkang taksih cubluk ing kawruh...

---------- Post added at 06:15 PM ---------- Previous post was at 06:12 PM ----------



eh..eh..eh.. laeee laeee mbegegeg ugeg ugeg sadulita hemel hemel...

Panjenengan punika salah sawijining tiyang alas? sumangga kula aturi ndhelik rumiyin; nembe kathah tiyang alas ingkang nemahi cilaka; jalaran rebutan lahan klapa sawit...

ndalem saking alas jati, mbah...dadose mboten diburu kaliyan perusahaan kelapa sawit::hihi::

ancuur
18-12-2011, 04:29 PM
ya udah bodo amat lah morat marit yang penting sama2 ngerti dulu, namanya juga belajar bahasa, ga mungin lah langsung pinter.
kalo emang ngerasa lebih pinter, ajarin saya yang blm ngerti ini dong...
apaan kek gitu, kursus singkat gitu... trus kalo bisa ada translate nya dong, biar bisa sekalian belajar bahasa jawa...
makasih ::maap::

bahasa jawa gak penting.. yg penting dapat berbahasa indonesia dgn baik X_X

Sanghyang Ismaya
20-12-2011, 01:00 PM
ndalem saking alas jati, mbah...dadose mboten diburu kaliyan perusahaan kelapa sawit::hihi::


Blaikkk.... aja - aja njenengan prawan saka alas roban...???? ::hihi::

BundaNa
29-12-2011, 08:35 AM
Mboten mbah, kulo saking bloron ::malumalu::

Agitho_Ryuki
31-01-2012, 09:47 AM
Eh rencang-rencang meh takon, nek ngene ki bahasa indonesiane piye?

1. Mbok nek dadi wong sing isoh ngemong.
2. Boyokku loro mergane wingi kunduran truk.

::maap::::maap::

etca
01-02-2012, 09:10 AM
^
^
seyogyanya jadi orang yang bisa membimbing.
punggungku sakit karena kemarin kena truk yang lagi mundur

;D

Agitho_Ryuki
01-02-2012, 12:11 PM
ngemong kwi "membimbing" toh?

dadi "Dadi wong ki sing apek, iso ngemong morotuo" artine
"jadi orang itu yang baik, bisa membimbing mertua" ---> ::elaugh::

sing keloro seko 6 kata kok dadi 9 ki piye jal??
::hohoho::::hohoho::

etca
01-02-2012, 01:44 PM
kan lomo, jadi diwenehi akeh :lololol:

tsu
04-02-2012, 01:19 PM
LOL
"ngemong" itu lebih luas AFAIK daripada sekadar membimbing, lebih ke arah....... giving them all you got, biasanya sih kata ngemong untuk ortu, untuk anak kecil, ato apapun yang butuh perhatian ekstra lebih dari sekadar membimbing

opera
06-02-2012, 05:18 PM
http://s18.postimage.org/lw992bpu1/429854_10150517069702477_87842287476_9246508_406.j pg

Dayi nye Rotra Dab = Mari ke Yogya Mas ;)

ha na ca ra ka
da ta sa wa la
pa dha ja ya nya
ma ga ba tha nga

Dalam konsep bahasa Walikan(kebalikan) Yogya kata dengan awalan ha, na, ca, ra, ka dibaris pertama akan diganti dengan awalan pa, da, ja, ya, nya pada baris ke tiga. Kata dengan awalan da, ta, sa, wa, la dibaris kedua akan dikonversi dengan awalan ma, ga, ba, tha, nga di baris ke empat.
Pakem yang dipakai adalah konsonannya, sedang huruf vokalnya, seperti a, e, I, o,u mengikuti konsonan.

Contoh:
mas: ma dan sa bertemu dengan da dan ba sehingga menjadi "dab"

dagadu = matamu

heihachiro
06-02-2012, 05:24 PM
^ bwahaha, jadi inget, pabu sacilat... :ninja:

tsu
07-02-2012, 03:32 PM
weleh, boso walikan, sing asli malang pasti iso wekekeeke ;D

ayo sam, uklam uklam nang rasap

ancuur
09-02-2012, 05:38 PM
http://www.youtube.com/watch?v=fuccQPX0lqk&feature=related

Fere
16-03-2012, 12:59 AM
...

Kae ning klub Napoli ono sing jenenge Cavani | Trus ngopo? | Ndang disholati yok ben cepet dikubur | *nguntal menyan* ::arg!::

Pakmu ABRI yo mas? | Ora | Masmu? | Ora | Adimu? | Ora | Mbahmu? | Ora, ono opo tho? | Nek ora sikilmu pindahen, aku kepidhak iki.

Nduk kowe ngerti boso jepang po? Ko iso nonton film jepang ora nganggo subtittle? | Oh meniko bokep jepang kok pak | Opoo.?!! ::doh::

Dik kowe kok medotke aku, salahku opo? | Kowe ora salah mas, aku sing salah | kok? | Aku salah milih kowe!!

Meh ngombe opo dik? | Kopi ae mas | lhooh kok kopi?? | Iyooo, KOPInang aku dgn Bismillah..

Dik kowe pendatang yo.? Ora asli kene kan.? || Kok sampayan ngerti Mas.? || Pantesan kowe betah banget nge-kost neng atiku.. ::cabul::


sumber (http://www.ojonesu.com)

etca
16-03-2012, 06:30 AM
...

Pakmu ABRI yo mas? | Ora | Masmu? | Ora | Adimu? | Ora | Mbahmu? | Ora, ono opo tho? | Nek ora sikilmu pindahen, aku kepidhak iki.


iki sing paling gawe aku nguyu ngakak :)) ::ngakak2::::ngakak2::

tsu
16-03-2012, 08:52 AM
iki dikirim ae nang soimah ;D

etca
16-03-2012, 08:58 AM
soimah iku opo??
*wah dadi ra lucu ki kakehan takon2 :lololol:

itsreza
16-03-2012, 09:12 AM
harus dicerna dulu per kata buat ngerti
tapi lucu ;D
Posted via Mobile Device

Ray Surya
16-03-2012, 10:38 AM
::ngakak2:: humor ::ngakak2::

opera
16-03-2012, 10:59 AM
mbak, kowe wis suwe? || suwe apane mas || ayune...

etca
16-03-2012, 11:01 AM
mbak, kowe wis suwe? || suwe apane mas || ayune...

wwhhuaaa nek iki jelas gombal kencono :lololol:

tsu
16-03-2012, 11:41 AM
Kepribadiane wong iku iso didelok soko ENTUT’E:

1)Wong gak Jujur: ngentut dewe nyalahno koncone.

2)Wong Pelit: ngentute mek sak iprit.

3)Wong Sombong: ngentute dibanterno ben podo krungu kbeh.

4)Wong gak Gaul: Nek ngentut senenge ndelik.

5)Wong Plinplan: koncone ngentut melok ngentut.

6)Wong Apes:wong liyo sing ngentut,mlh de’e sing di arani.

7)Wong Boros: Nek ngentut gak cukup spisan.

8)Wong Loman:lek ngentut d’bgi2no wong liyo.

9)Wong Selingkuh: Nek ngentut di alon2no mek muni peess…..

10)Wong Ampuh: entute gak muni tp mblengeri.

11)Wong Nganggur: cek gelem2e moco mbahas mslh Entut…..


saus : http://www.kitikkitik.com/category/humor-bahasa-daerah/#ixzz1pFPmp62H

etca
16-03-2012, 11:53 AM
wkwkwkkwkw

malah nyilekekno uwong iku,
serba salah. ngewuhke sil*t dikukur :)) :))
terutama poin 11 =)) =))

Fere
16-03-2012, 12:43 PM
...

walah.. tsu malah mbahas entut.. ::doh::


mbak, kowe wis suwe? || suwe apane mas || ayune...
Mas, kowe melu fitnes? || ora, kenopo? || pantes sing atos omongane, dudu otote... ::grrr::

etca
16-03-2012, 01:11 PM
^
^
huauahahaha khas solo banget ngomonge :))

Fere
16-03-2012, 03:47 PM
Tak tambahi meneh cak, ojo khawatir aku arep nulis nang kene terus, soale iki forum sing paling ngenes.. mosok nganti pirang2 sasi gak ono sing posting..
__________________________________________________ __________________________________________________ _________

Sore-sore onok cewek SPG teko nawakno panci nang omahe Wonokairun.

"Kulo nuwun. " jare cewek iku ambek nyepot sandal.

"Oo monggo, monggo pinarak. "jare Wonokairun.

"Nuwun sewu pak, ibu wonten Pak ?" takok ceweke.

"Waduh bojoku gak ono nang omah ndhuk " jare Wonokairun.

"Yen ngoten, kulo ngentosi mawon " jare ceweke maneh.

"Lho monggo. Anggepen koyok omah dhewe ndhuk.." jare Wonokairun ambek ngejak cewek iku mau mlebu ruang tamu.

Mari ngono tamune ditinggal ngetren dhoro. Pas Wonokairun mulih, tibak'e cewek iku isih lungguh nang ruang tamu.
Ketokane cewek iku wis kuesel ngenteni kudu ngamuk ae.

"Ibu teng pundi to Pak ?" takok cewek SPG iku.

"Bojoku lungo nang kuburan ndhuk" jare Wonokairun.

"Jam pinten mangke kondure ?" takok cewek iku maneh.
"Waduh gak weruh aku ndhuk. Wis onok limolas taun durung tau mulih." :apaa:

njur cewek'e mau misuh-misuh wasis tenan... ::bbb::

opera
16-03-2012, 03:51 PM
::ngakak2::::ngakak2::::ngakak2::

komporminyak
16-03-2012, 03:52 PM
nganti dibalang untel2an kertas ambek konco sebelahku gara2 ngguyu dewe
::ngakak2::::ngakak2::::ngakak2::::ngakak2::

GiKu
16-03-2012, 03:57 PM
limolas taun ra mulih
mbok diparani Fer

Fere
16-03-2012, 03:59 PM
::ngakak2::::ngakak2::::ngakak2::

ojo ngguyu ae kang, postingo meneh..


nganti dibalang untel2an kertas ambek konco sebelahku gara2 ngguyu dewe
::ngakak2::::ngakak2::::ngakak2::::ngakak2::
kancamu yen cewek kenalno aku cak, ngomongo aku iseh epeilebel.. ::ngoceh::

---------- Post added at 02:59 PM ---------- Previous post was at 02:57 PM ----------


limolas taun ra mulih
mbok diparani Fer
lha opo kuburane kon nduduk, sampeyan ki yo macem2 ae..

sumpe gw klonengan
16-03-2012, 04:01 PM
:lololol::lololol::lololol:

etca
16-03-2012, 04:31 PM
kancamu yen cewek kenalno aku cak, ngomongo aku iseh epeilebel.. ::ngoceh::
nek disayaki yo dadi wadon, kang.
gelem? deknen yo isih availabel kok. wong lagi siji bojone. isih iso telu meneh. :lololol:

Fere
16-03-2012, 04:44 PM
walah.. ::doh::

wis gak sido nek ngono, tak nggolek liyane ae..

GiKu
16-03-2012, 05:01 PM
mbak admin wis dirabi, Fer ?

tsu
16-03-2012, 05:05 PM
rodho medheni ::grrr::

kudune ditambahi maneh

"awakmu wae sing ngganteni nduk" ::cabul::

Fere
16-03-2012, 05:07 PM
@giku : coba kang takokno.. ::oops::

etca
16-03-2012, 05:11 PM
mbak admin wis dirabi, Fer ?

njaluk digajul arek iki ::grrr::

Fere
16-03-2012, 05:20 PM
"awakmu wae sing ngganteni nduk" ::cabul::
sakjane pikirane wonokairun yo ngono kang, lha ning si cewek iku wis kebacut mangkel..
lha woconen nganti misuh2 wasis tenan, aku sampek gak tego meh nulis pisuhane no kene..


njaluk digajul arek iki ::grrr::
kapokmu kapan kang.. ::oops::

sumpe gw klonengan
16-03-2012, 05:30 PM
njaluk digajul arek iki ::grrr::
ojo Ca ... langsung d babat ae ::hihi::

Fere
16-03-2012, 05:51 PM
hahaha.. etcak dilawan

wis bosen urip po? ::oops::

GiKu
16-03-2012, 05:56 PM
etcak ra kenal mbak admin kantore si Fere

Fere
16-03-2012, 06:03 PM
etcak ra kenal mbak admin kantore si Fere
ketok yen wedi, keder.. ::oops::

Fere
16-03-2012, 06:19 PM
.

Mas tukang las no ngendi yo? | Meh ngopo? | Ngelasne mat*mu ben ora moto wedhoken!

Dik kok rambutmu wangimen to?|maca cih?|he eh. bar krimbat?|ora, mas. Mung keramas nggo m*lto pewangi sekali bilas ::doh::

Dab, ono Honda murah! Mung 50 cc! | Piro? Honda opo? | Pokoke murah! Honda…sssmu


TABRAKAN.

Supir lanang nesu: Aku ngedim2, maksude njaluk dalan!

Supir wedok: Aku nguripke wiper, kuwi maksude emoh! emoh!

Supir lanang jengkel: Kowe kok pekok men to mbak.. mbak.. ::doh::::arg!::

Urzu 7
17-03-2012, 01:39 PM
Ngelawak??

Fere
17-03-2012, 01:45 PM
..

ora kang, kan judule ngoceh..

dadi arep nulis opo wae terserah sampeyan hehe ...

Ray Surya
17-03-2012, 02:26 PM
dagelanne marai ngguyu..
ono ra, dagelan sing marai ora ngguyu?

Fere
17-03-2012, 02:36 PM
..

ono..

coba sawangen gambar uwong nang njero bunderan sing ono nang siggy-mu kuwi.. ::oops::

Ray Surya
17-03-2012, 03:45 PM
::ngakak2:: dino iki kok do mbahas siggy ku to?

koyone, giku sengojo ::arg!::

Fere
17-03-2012, 04:08 PM
hahaha... ::ngakak2::

gak popo kang malah apik kuwi, sopo ngerti ono produser gak sengojo nyawang siggy-mu
trus kepikiran gawe sinetron judule Putri Yang Ditukar Akuarium,
trus akuariummu mlebu tipi, kan lumayan kang..

Urzu 7
17-03-2012, 05:10 PM
Wani piro??? Jarene mona

Fere
17-03-2012, 05:49 PM
walah cowok matre iki.. ::doh::

duit kuwi nomer loro, sing penting mlebu tipi..

sumpe gw klonengan
17-03-2012, 05:58 PM
sedeng po awak semono mlebu tipi??::hihi::

Fere
17-03-2012, 06:14 PM
walah.. iki meneh.. ::doh::

maksute dudu awak'e sing dilebokne nang tipi, tapi gambare wong kaosan kuwi thok ae sing dilebokne
opo sak ora-orane ditemplekne nang ngarep tipi..

sumpe gw klonengan
17-03-2012, 06:27 PM
nek d templek'ke yo mepeti nek arep delok tipi -_-

Fere
17-03-2012, 06:40 PM
rapopo yu, sing penting iso ndelok awake nang tipi ;D

tsu
17-03-2012, 07:28 PM
Awale istilah POHONG

Pas jaman jepang pertama mlebu Indonesia, tentara Jepang patroli mubeng jogja. Trus tentara jepang mau ndelok akeh wong ngobong kayu ambek mangan-mangan.

Wong-wong ditakoni ambek tentara jepang:

"Kalian sedang apa?"
Jare wong jogja : "Kami sedang makan-makan tuan!"
Trus jepange takon maneh: "Makan apa?"
Wong jogja njawab: "Ketela pohon tuan!"

Jepange nyahuti: "Ha, ketela pohong !"

Marine kedadean iku, wong-wong ngarani ketela pohon iku POHONG.





MUNGGAH TAKSI

Muntiyadi mari mulih jogo kiro-kiro jam rolas bengi.
Embong wis suepi, gak onok bemo sing lewat, ojek yo gak onok.
Muntiyadi malih merinding disko opo maneh ketepakan saiki malem Jum'at kliwon.
Mari ngenteni sui, akhire onok taksi liwat, waduh lumayan pikire.

Mari mlebu taksi lungguh ndhik mburi, Muntiyadi terus ngandani supir taksine njaluk diterno mulih nang Wiyung.
Mergo kekeselen, gak sui Muntiyadi langsung keturon pules.
Pas enak-enak turu, Muntiyadi moro-moro keroso taksine kok tambah alon.
Bareng didelok dhadhak supir taksine wis gak onok, tibake montore mlaku dhewe.
Muntiyadi tambah gemeter pas ndhelok tibake taksine lagi ngeliwati kuburan.

Mergo gak kuat nahan wedhi, Mutiyadi bengok-bengok ambek kepuyuh-puyuh "Tolong !!. . .tolong !!".

Moro-moro seko jendelone taksi, onok endhase supir taksi njengongok.

Muntiyadi tambah pucet gak karuan, tibake supir taksine ngomong ngene.
"Hee dab . .ojok turu wae . .Ewangono nyurung, montore mogok iki lho. ."




JOWO JEPANG

Kisah ini terjadi didaerah Purwokerto dimana bahasa Jawa disana menggunakan bahasa Jawa dengan dialek tertentu... banyumasan...
A : "Kamu bisa bahasa Jepang?"
B : "Bisa dong"
A : "Bagero artinya apa ... ??"
B : "Bagi loro"
A : "Kombangwa"
B : "Kompal kampil barange dawa..."
A : "Soredewa"
B : "Ngisore gede dawa..."



http://yogi.wen.ru/BANYOLAN.html

Fere
18-03-2012, 08:19 AM
...Muntiyadi tambah pucet gak karuan, tibake supir taksine ngomong ngene.
"Hee dab . .ojok turu wae . .Ewangono nyurung, montore mogok iki lho. ."
::ngakak2::::ngakak2::::ngakak2::

sumpe gw klonengan
18-03-2012, 05:13 PM
melu ngoceh ahhh ::hihi::

Salesman

Kapan kae ono salesmen vacum cleaner teko ndik omahku

Ewangku durung sempet ngomong opo-opo moro-moro salesman iku mau langsung nyebarno tembelek wedhus ndek karpet.

Jarene ngene " wes pokok'e buk, le sampek vacum cleanerku iki ora isok nyedot, tak jamin tak emplok'e sithok sithok tembelek wedhus iku"

Jare ewangku "peno kepingin di dulit sambel tha le ngemploke?"

" Lho opoko masalae?" salesman takok.

"La peno gak ndelok ta saiki lampu mati ..."

Ray Surya
18-03-2012, 11:38 PM
logat Madura ya?

Fere
19-03-2012, 10:02 AM
salesman'e jenenge ray surya.. ::ngakak2::::ngakak2::::ngakak2::

opera
19-03-2012, 10:14 AM
wakakaka lucu lucu banget
nggawe esuk esuk nguyu baen ora mandeg mandeg

Urzu 7
19-03-2012, 10:14 AM
Iki thread malah dadi mbanyol

Fere
19-03-2012, 10:26 AM
.

kan judule ngoceh ju, nulis opo wae keno sing penting nganggo boso jowo soale nang forum bahasa hehe..

Fere
19-03-2012, 07:32 PM
Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.

"Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Bunali
"Yo lumayan " jare si Mbah
"Pira kabehe, Mbah ?" takon Bunali maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare Wonokairun ambek ngarit suket

Bunali takon maneh.

"Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
'Sing ireng, wis'
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."

Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.

"Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?"

"Ngene lho, sing putih iku wehusku..."

"Lha sing ireng ?"

"Podho . . ."

::doh::::arg!::::arg!::

Ray Surya
20-03-2012, 05:54 AM
::ngakak2:: gebleg

etca
20-03-2012, 06:54 AM
::ngakak2::::ngakak2::
isuk2 arep mateni komp, malah digawe ngguyu kepingkel2..... ::ngakak2::

kuwi ora gebleg, ning ndelul.. :lololol:

Ray Surya
20-03-2012, 07:06 AM
ndelul wi opo, ca? podo karo ngeyel?

etca
20-03-2012, 08:45 AM
ndelul ki beda tipis ambek oon ;D

Ray Surya
20-03-2012, 10:51 AM
cek kamus besar pepak boso jowo :ngopi:

Agitho_Ryuki
20-03-2012, 11:29 AM
Edhan aku wingi dolan nang Parangtritis sedinoan saeki keno "litel bodi" (S*let Gatel Kelebon Wedi)
::hohoho::::hohoho::

BundaNa
20-03-2012, 11:55 AM
Bunali pethuk Wonokairun lagi angon wedhus.

"Mbah, waduh wedhus sampeyan akeh yo ?" jare Bunali
"Yo lumayan " jare si Mbah
"Pira kabehe, Mbah ?" takon Bunali maneh
"Sing putih opo sing ireng ?"
"Sing putih, wis"
"Selawe"'
"Wik, cik akehe. Lha sing ireng?'"
"Podho..." jare Wonokairun ambek ngarit suket

Bunali takon maneh.

"Mangan sukete yo akeh pisan, Mbah.."
"Yo.."
"Pirang kilo mangane sakdino ?"
"Sing putih opo sing ireng ?"
'Sing ireng, wis'
"Yo kiro-kiro limang kiloan"
"Lha sing putih?"
"Podho . . ."

Bunali bingung, laopo lek ditakoni kok kudu mbedakno sing putih tah ireng, wong jawabane yo podho ae.

"Mbah, opoko lek tak takoni perkara wedusmu, sampeyan mesti leren takon sing putih tah sing ireng barang. Padahal masiyo putih utawa ireng, jawabanmu podho terus. Sakjane ngono onok opo?"

"Ngene lho, sing putih iku wehusku..."

"Lha sing ireng ?"

"Podho . . ."

::doh::::arg!::::arg!::

::ngakak2::::ngakak2::::ngakak2::

lucune cah isuk2 mocone

Ray Surya
20-03-2012, 01:31 PM
Edhan aku wingi dolan nang Parangtritis sedinoan saeki keno "litel bodi" (S*let Gatel Kelebon Wedi)
::hohoho::::hohoho::

po ra kathokan, dab?

Agitho_Ryuki
20-03-2012, 02:59 PM
nyelempit lewat kiwo...
::oops::::oops::

Ray Surya
20-03-2012, 05:18 PM
sajake silitmu pancene mengo terus

GiKu
20-03-2012, 06:44 PM
::ngakak2::
agitho selalu menerima tamu

Fere
20-03-2012, 07:33 PM
ndelul ki beda tipis ambek oon ;D

cek kamus besar pepak boso jowo :ngopi:
aku yo lagi krungu iki istilah "ndelul"


Edhan aku wingi dolan nang Parangtritis sedinoan saeki keno "litel bodi" (S*let Gatel Kelebon Wedi)
::hohoho::::hohoho::
omahmu cedhak parangtritis tho dab?


::ngakak2::::ngakak2::::ngakak2::
lucune cah isuk2 mocone
ayo bun, tulisen critamu nang kene..


::ngakak2::
agitho selalu menerima tamu
tamune cilik-cilik ::ngakak2::

Fere
20-03-2012, 07:38 PM
http://i1074.photobucket.com/albums/w403/elfere/beatles-blangkon2.jpg


percoyo keno, gak percoyo yo keno, tibakno the beatles ki asline jowo..::ngakak2::

Fere
21-03-2012, 01:10 AM
Santoso kerjone angon wedhus, lek mangkat esuk molih sore.
Pas nggiring wedhuse mlebu kandang kok kurang siji.
Santoso nggoleki muter-muter gak ketemu-ketemu.
Akhire Santoso menek uwit beke wedhuse ketok teko ndukur,
tapekno gak ketok jugak.
Pas arep mudhun Santoso kaget, gak sido mudhun soale ndhok ngisor
uwit onok mat Pithi mbarek Saropah lagi pacaran.

“Dik, bukaken rokmu age, aku mung kate ndelok ae kok” jare mat Pithi
“Ojok ah cak, aku wedi engkok onok setan liwat” jare Saropah.
“Sumpah dik, aku mung pengin eruh ae kok, ayo ta bukaken…sumpah
tenan dik, wis ta percoyo-o” mat Pithi wis gak sabar.

Krungu sumpahe mat Pithi, Saropah langsung ngangkat rok-e (tibakno gak nggae kathok).

“Wuik….. apike rek….. sak ndonya ketok kabeh” jare mat Pithi.

Santoso krungu ngono langsung mbengok

“Om, om, tulung delokno wedhusku ndhelik ndhok kono gak?” ::doh::



sumbere (http://newcurzon.wordpress.com/2008/03/14/humor-jawa-guyonan/)

etca
21-03-2012, 09:01 AM
^
^
aku kok ra mudheng yo?? %?
iku maksude dipisuh2i yo? ::oops::

etca
21-03-2012, 09:03 AM
Plang Nyolowadi


“Mu, Mu. Plang kae kok Nyolowadi, to”
“Endhi ?”
“Kae. Cóbo, wacanen”
“Disini sedang dibangun gedung baru”

“Disini ?”
“Lha piye ?”
“Kabèh wong ngerti nèk ‘disini’. Dhudhu disono”
“Ho oh, yo. Nèk ngónó tulisane kari ‘sedang dibangun gedung baru”

“Sedang ?”
“Lha piye ?”
“Kabèh wong ngerti nèk ‘sedang’. Dhudhu ‘belum’ ”
“Ho oh, yo. Nèk ngónó tulisane kari ‘dibangun gedung baru”

“Dibangun ?”
“Lha piye ?”
“Kabèh wong ngerti nèk ‘dibangun’. Dhudhu ‘diambrolke’ ”
“Ho oh, yo. Nèk ngónó tulisane kari ‘gedung baru”

“Gedung ?”
“Lha piye ?”
“Kabèh wong ngerti nèk kuwi ‘gedung’. Dhudhu ‘jembatan’ ”
“Ho oh, yo. Nèk ngónó tulisane kari ‘baru”

“Baru ?”
“Mbûh, mbûh, mbûh ...... “

saoskecape (http://warnapelangidunia.blogspot.com/2009/12/dagelan-jowo-5.html)


*crita nang duwur iku nek ngunu kuwi sopo sing pethuk jal?? ;D

sik sik nek fere ambek Ray Surya durung tahu krungu istilah pethuk. kudu ngungsi nang alas wae lah =))
mosok istilah ndelul rung tahu krungu seh?

etca
21-03-2012, 09:08 AM
Komputer Nyolowadi



“Mblong, aku mau dhidawuhi bopo guru tuku komputer”
“Wîs éntûk ?”
“Wîs, wîs nganggó Windows barang”
“Nganggó kórdèn ?”
“Kórdèn ? Karepmu kemûl komputer ?”
“Dhudhu, kórdèn”
“Endi ono komputer nganggó kórdèn ?”
“Lhó, komputermu rak nganggó windows, to”
“Ono”
“Jendélo nèk ra nganggó kórdèn tenèh semrawang”


“Mblóóóong ..... “
“Opo Mu?”
“Iki aku wîs rampûng nganggó program windows”
“Yo wîs, kari dipatèni”
“Piyé ólèhé matèni ?”
“Seko wiwét”
“Wong wîs rampûng kok mbalah kon wiwît ki piyé “
“Dhudhulen tulisan ‘start’ (wiwît)”
“Wóóóó, nèk rampûng kuwi ndhudhûl wiwît to ?”


“Mblong, iki komputeré njeplók”
“Keno opo, to ?”
“Iki ono tulisan - can’t find printer “
“Endhi, ndhelok ?”
“Iki giló”
“Wah, iyo”

“Piyé iki ?”
“Digowo menyang dokter moto baé”
“Lhó, kok digowo mrónó ?”
“Lha wong komputermu picek ngónó”
“Picek ?”
“Wong printer guedi nang jèjèré kok óra werûh ?”


“Mu, warnet kulon kónó kok Nyolowadi, to ?”
“Piyé, to ?”
“Jaréné 24 jam ?”
“Pancèn iyo, 24 jam óra tau tutóp”
“Setaûn iki óra tau tutûp ?”
“Ho’oh. Piyé, to ?”
“Nèk óra tau tutûp, nganggó gembok nggó opo

saus kecap (http://kibroto.blogspot.com/2000/08/komputer-nyolowadi.html)


::ngakak2::::ngakak2::

etca
21-03-2012, 09:10 AM
Ngorok Nyolowadi


“Kamaré tesîh onten ?”
“Wah empûn telas, je. Kebak”
“Wadûh, kulo sedino lelungan mbok di-gólèk2ké. Nganggé klowo mtoten nopo2”
“Sakjané onten. Onten sorodadu kamaré onten peturûn kaléh”
“Nopo purûn dijak paron”
“Purûn, wong niku rodo medit. Angger séwo kamar Losmen paron mesthi gelem”
“Nggîh pûn. Kulo purón”

“Nîng akèh sîng sambat, jé”
“Sambat pripûn ?”
“Wong niku ngoroké kados bledèg nyamber2”
“Mboten nopo2”
“Biasané konco tilem mboten tahan. Mboten saget tilem. Kebrebegen”
“Mboten nopo2”

Ésuké

“Pripûn ? Saget tilem “
“Saget. Angler, sakniki kulo seger”
“Wah, pripûn carané ?”
“Pas wayah tilem, wong niku pûn ngorok mbrebegi kupîng”
“Lha, rak enggîh to ? Terûs pripûn ?”

“Kulo ambungi”
“Ha ..... ? Nopo sampéan hombrèng ?”
“Sanès”
“Njûk pripûn ?”

“Wong niku sewengi melèk, mboten wani turu”

sauskecap (http://kibroto.blogspot.com/2000/08/ngorok-nyolowadi.html)

::ngakak2::::ngakak2::::ngakak2::

wis ahhhh... .. isuk2 malah ngakak2 ngene ;D

heihachiro
21-03-2012, 09:54 AM
^ kuwi sopo karo sopo? Ray karo Fere? ;D;D;D

Ray Surya
21-03-2012, 09:59 AM
*crita nang duwur iku nek ngunu kuwi sopo sing pethuk jal?? ;D

sik sik nek fere ambek Ray Surya durung tahu krungu istilah pethuk. kudu ngungsi nang alas wae lah =))
mosok istilah ndelul rung tahu krungu seh?
aku tau krungu ndelul.
pethuk juga: pethuk iku rak tagihan bulanan bocah sekolah. utawa jemput
nek nyolowadi artine opo? podo karo mbukakwadi ra?

---------- Post added at 08:59 AM ---------- Previous post was at 08:58 AM ----------


^ kuwi sopo karo sopo? Ray karo Fere? ;D;D;D

::bwekk:: logatku ora jogjanan.
yen logate fere embuh ra reti

GiKu
21-03-2012, 10:11 AM
dipethuk ngango pipo ledeng

Urzu 7
21-03-2012, 10:21 AM
Sopo sing wani pethuk?

heihachiro
21-03-2012, 10:26 AM
maksude etca "pithuk" ndean kang

#banyumasan
::hihi::

Urzu 7
21-03-2012, 11:20 AM
Opo pethuk (ketemu)

Ray Surya
21-03-2012, 12:41 PM
semar karo gareng pethuk bagong

Fere
21-03-2012, 07:59 PM
.
Péthuk = sableng
Pethuk = ketemu, jemput


aku kok ra mudheng yo?? %?
mosok ra mudheng cak.. berarti ra lucu noo.. ::doh::


^ kuwi sopo karo sopo? Ray karo Fere? ;D;D;D
dudu, kae giku karo urju ;D


dipethuk ngango pipo ledeng
ditutuk.. ::doh::


semar karo gareng pethuk bagong
petruk.. ::doh::


yen logate fere embuh ra reti
sing tak tulis kae logat solo, jogja, karo jawa timuran..

Banyumasan = aku ra mudheng, soale ngomonge cepet banget
Solo & jogja = slow, nyantai, kadang nganyelke
Jawa timuran = kasar, kadang dibumboni pisuhan, tapi aku seneng soale yen dinggo gawe lelucon pasti lucu banget.. ;D

etca
21-03-2012, 09:06 PM
Dudu nganyelke. Ning nylekit gawe anyel ;D

etca
21-03-2012, 09:10 PM
http://i1074.photobucket.com/albums/w403/elfere/beatles-blangkon2.jpg


percoyo keno, gak percoyo yo keno, tibakno the beatles ki asline jowo..::ngakak2::

ko aku lagi ngeh nek beatles nganggo blangkon.
Mau awan matané siwer ;D
lah kuwi geber bekgron ireng siy,
yo dadi ra kethok ;D

Fere
21-03-2012, 09:33 PM
ko aku lagi ngeh nek beatles nganggo blangkon.
Mau awan matané siwer ;D
lah kuwi geber bekgron ireng siy,
yo dadi ra kethok ;D
mas john, mas paul, mas george karo mas ringo mbiyen kan tukune blangkon nang klewer cak.. ;D

Fere
22-03-2012, 01:52 AM
Pulus nemui dokter spesialis kelamin.
Jarene "Dok, aku ono masalah,
tapi sampeyan mesti janji gak ngguyu yo."
"Tenang. Aku janji gak ngguyu.
Iku kan melanggar sumpah kedokteranku." Jawab doktere.

Pulus langsung mlorotno celonone.
Manuk'e ternyata cuilik, mik sa' pensil staedler 2B.
Kethok barang sa'mono, doktere gak kuat
nahan ngguyu. Dhe'e ngguyu nganti kepingkel-pingkel,
gulung koming nang ngisor. =))

Kira-kira limang menit, baru dhe'e iso ngendali'no
emosine. "Sorry cak. Aku kelepasan. Aku janji gak
bakal koyok ngono maneh. Nah, masalah sampeyan opo?"

Pulus omong ambe' nada sedih:
"Manukku wis telung dino iki abuh koyok ngene....." :(
Doktere : =)) :lololol:


asale (http://guyonanjowo.blogspot.com/2010/12/janji-ojok-ngguyu-yo.html#more)

etca
22-03-2012, 01:55 AM
ra wani ngguyu, ndak diseneni Pulus ;D

Fere
22-03-2012, 02:02 AM
::ngakak2:: pulus = ray surya ::ngakak2::

Urzu 7
22-03-2012, 09:16 AM
Abo paling dienthup fere::cengir::

Ray Surya
22-03-2012, 11:11 AM
koplaaakkkkk.
::doh::

Fere
22-03-2012, 12:41 PM
rasah mumet ray ngaku wae yen pulus kuwi kowe ::ngakak2::

Fere
23-03-2012, 01:33 AM
..

durung nemu meneh cerito sing gawe ngguyu, pasang gambar sek ae lah..

sing penting eksis.. ;D

http://i1074.photobucket.com/albums/w403/elfere/pacaran-ngepit2.jpg

Ray Surya
23-03-2012, 01:37 AM
ramutu tenan, tiwas ngecek jebule gur gambar yongono

Fere
23-03-2012, 01:42 AM
sing penting eksis.. ;D

etca
23-03-2012, 07:29 AM
kuwi gambar'e nopo sing lanang luwih semok timbang'e si wedhok ya? ;D

ga_genah
23-03-2012, 10:38 AM
ora ngerti...
tapi iso nguyu

::ngakak2::

Fere
23-03-2012, 10:40 AM
kan pas nggenjot pit cak, dadi ketok ipel2 ;D

Fere
23-03-2012, 10:41 AM
ora ngerti...
tapi iso nguyu
::ngakak2::::ngakak2::::ngakak2::

sumpe gw klonengan
23-03-2012, 07:59 PM
Waras VS EDan

Wawancara golek gawean


+ Pendidikanmu opo?
- Hukum Pak.
+ wah ora bisa ditompo ning kene.
- Alasanipun Pak?
+ Kakehan ngomong mengko, malah ora kerja.
- tapi kulo mantan diplomat lho Pak.
+ Tambah ora ketompo?
- Lho kok ngaten pak?
+ Mengko gaweyanmu mung ropat-rapat wae......

+ Kowe nduwe omah opo ora?
- Dereng.....
+ Wah kowe ora iso ketompo nang kene.
- Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe mesthi ngajukne utang nang perusahaan.
- Ah.. mboten kok, sakjanipun tiyang sepuh kulo niku sampun sugih.
+ Yo malah ora ketompo.
- Lho kok ngaten?
+ Mengko kowe kerjo mung nggo hiburan, nongkrang nongkrong ae.

+ Kowe nduwe motor opo ora?
- Mboten.
+ Ora ketompo.
- Lho kok mboten ketompo?
+ Mengko kowe mesthi njaluk bantuan kredit.
- Sakjanipun gadhah, ning tasih ten kampung, gampil mangke kulo beto ngriki.
+ Wah malah ra ketompo....
- Lho kok ngoten?
+ Tempat parkire wis ra cukup..

+ Kowe wis lulus sarjana tenan?
- Sampun Pak....
+ Ora ketompo. Kene iki golek sing SMA ae, luwih manutan lan ben mbayare murah.
- Sakjanipun kulo tasih badhe skripsi.
+ Malah ora ketompo...... .
- Lho kados pundi to?
+ Mengko kowe kerjo mung ngetik skripsi, yen wis lulus mesti golek kerjo neng perusahaan liyo.

+ Kowe seneng guyon opo ora?
- Mboten pak, kulo serius nek nyambut gawe.
+ Ra ketompo......
- Waa... Kok ngoten?
+ Engko konco-koncomu lan anak buahmu podho stress.
- Sakjane nggih sekedhik-sekedhik seneng guyon.
+ Malah ora ketompo.
- Lho kok......
+ Engko kowe mung email-emailan sing lucu.

+ Kowe mau mrene numpak opo?
- Nitih mobil.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Saiki BBM mundhak terus, mengko kowe njaluk mundhak bayar terus.
- Woo, kulo wau namung mbonceng, kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mengko mung gawene mbonceng mobil kantor. Ngrusuhi!

+ Anakmu akeh opo sithik?
- Kathah, Pak.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Nyambut gawemu ora jenjem, mung mikir gawe uanak terus.
- Lha wong namung anak adopsi, kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Gawe anak bae aras2en, opo maneh nyambut gawe.

+ Kowe wis ngerti gaweyanmu durung?
- Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti gaweyane?
- Oo, nek damelan niku mpun ngertos kok.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Kowe rak mung arep keminter, to?

+ Kowe ngerti kahanan kantor kene durung?
- Dereng.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Arep nyambut gawe kok ora ngerti kantore?
- Wah, nggih sekedhik2 mpun ngertos kok...
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mengko kowe senengane ngudhal-udhal wewadi kantor, to?

+ Kowe kerep loro?
- Mboten.
+ Kowe ora ketompo..
- Sebabipun?
+ Mesthi kerep mbolos, wong arang2 gering.
- Wah, sakjanipun nggih asring.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Kantor iki ora nompo karyawan pileren.

+ Kowe biso main internet?
- mBoten.
+ Kowe ora ketompo.
- Sebabipun?
+ Perusahaan ora nompo sing buta internet.
- Wah, sakjanipun nggih saged.
+ Tambah ora ketompo.
- Lho, lha kok?
+ Mesthi ora bakal nyambut gawe, kakehan dolanan internet, to???

+ Kowe waras opo ora?
- Lha, kulo nggih waras to Pak.
+ Ra ketompo.
- Kenging nopo?
+ Mengko kowe mesthi ora krasan neng kene.
- Niku rumiyin Pak, sakmeniko sampun rodo edan.
+ Malah ra ketompo.
- Pripun to niki?
+ Mengko aku duwe saingan.
- WAAAAAAAAAAAAAAAA! !!!!

Fere
23-03-2012, 08:09 PM
^

iki jane sing gendeng sing mawancara opo sing diwawancarai tho..

::doh::::doh::::doh::

sumpe gw klonengan
23-03-2012, 08:14 PM
::hihi:: sek mesti ora sek posting

Fere
23-03-2012, 08:18 PM
yen disawang2 ketoke sing posting yo rodo... sithik ::hihi::

sumpe gw klonengan
23-03-2012, 10:03 PM
::hihi:: gpp mung sithik , sek moco akehhh :run:

Fere
23-03-2012, 10:06 PM
walahh... ::doh::

Ray Surya
23-03-2012, 10:56 PM
::ngakak2:: wawancara guobloggggg ::ngakak2::
::up::

Fere
26-03-2012, 01:07 AM
http://a5.sphotos.ak.fbcdn.net/hphotos-ak-ash3/522222_10150714117553809_231526268808_9347148_1792 363456_n.jpg

sami mawon mbah.. ::ungg::

etca
26-03-2012, 10:08 PM
yukkk lanjutttttttttttt

Gemblong jago nedak. (http://kibroto.blogspot.com/2000/09/gemblong-jago-nedak.html)" Wah, dhino iki ulangan sujaroh. Aku dhurûng sinau, jé. Kakèhan nonton wayang.
" Halah, arepo kówé sinau, tetep waé ra biso
" Aku mengkó tak nedak kówé, yo ? Mengkó tak jajakké, wîs.
" Nîng ojo persis banget, yo ? Ndak konangan.
" Contoné piyé ?
" Nèk jawabanku ‘Jakarta’ kówé njawabo ‘Jayakarta’. Nèk aku ‘Yogya’, kówé ‘Jogja’.
" Oké

Bopo guru macakké pitakon2é, murid2 nulîs jawabané ono kertasé déwé2.

" Bocah2, nèk óra biso njawab kudhu mènèhi katrangan opo sebabé óra biso njawab. Ngerti ?
" Muridh2 : Ngertoooooooooos …..

" Bopo Guru takon Jeneng ciliké Panembahan Sénopati sopo ?
" Temu nulîs Dhanang Sutowijoyo
" Gemblong nulîs Dh. Sutowijoyo

" Bopo Guru takon : Jeneng ciliké Sultan Hadhiwijoyo sopo ?
" Temu nulîs Joko Tingkér
" Gemblong nulîs J. Tingkér

" Bopo Guru takon : jeneng ciliké Hamengku Buwono X sopo ?
" Temu nulîs Bendhoro Radhèn Mas Herjuno Dherpito
" Gemblong nulîs BRM. Janoko D.

" Bopo Guru takon : Jeneng ciliké Pangéran dhiponegoro sopo ?
" Temu nulîs Radhèn Ontowiryo
" Gemblong nulîs R. Ontoséno

" Bopo Guru takon : Jeneng ciliké Sóltan Bintoro sopo ?
" Temu nulîs Aku óra ngerti
" Gemblong nulîs Opo manèh aku !

::ngakak2::::ngakak2::

etca
26-03-2012, 10:14 PM
cekak aos, nanging marai ngakak :lololol:


Gemblong nggarap zigsaw puzzle
" Mu, mu …. Aku kasîl nggarap zigsaw puzzle
" Ndhelok kéné
" Aku ngrampûngké mûng limang sasi
" Limang sasi ?
" Lha iki ono tulisané, ‘buat 4-5 tahón’.

::ngakak2::::ngakak2::

Fere
01-04-2012, 03:35 AM
haha... cak jane postinganmu ameh tak klik thanks ping pindo,

lha ning awakmu kan cif kuk, raono pengaruhe.. dadi rasido.. ::hihi::

Fere
01-04-2012, 03:42 AM
ceritane romlah bojone sarno meteng,tp romlah karo sarno ngerahasia'ake karo uwong2.

Ujug2 petugas PLN teko

P.PLN : "bu,ibu telat sewulan"
Romlah :" saking pundi bapak ngertos??"
P.PLN :" kan niki wonten catetane ing PLN"
Romlah :" hah???mosok sampe dicatet wonten PLN??"
(sarno metu banjur muring2)

Sarno :" Piye???PLN iso ngerti nek bojoku telat sewulan???"
P.PLN :"sabar pak..menawi bapak kerso catetane dipun hapus bapak kan kantun mbayar kaleh kulo"
Sarno :" lha nek Aku gak gelem bayar???"
P. PLN :" nggih kepekso nggene bapak dipedhot.
Sarno :" edaaaaaaannn msok nggonku arep dipedot??lha trus nek ono ngomah bojoku pngen trus nganggo opo??"
P.PLN : "nggeh kepekso ngangge lilin"

Sarno mumet.. ::doh::

sing crito (http://www.facebook.com/pages/PUSATE-PARIKAN-DAGELAN-WONG-JOWO/252222938154235)

etca
01-04-2012, 06:49 AM
haha... cak jane postinganmu ameh tak klik thanks ping pindo,

lha ning awakmu kan cif kuk, raono pengaruhe.. dadi rasido.. ::hihi::

nambah owk reputasine, nek diklik thanks.
nanging emang tak delekno ijo-ijone.. ;D

Fere
01-04-2012, 10:49 PM
uwis tak klik cak.. ;D

Fere
02-04-2012, 12:24 AM
Senin
Sardot: mba,ono lemper?
Romlah: ora enek mas

Selasa
Sardot: mba,ono lemper?
Romlah: ora enek mas

Rabu
Sardot: mba,ono lemper?
Romlah: ora enek mas

Kamis
Sardot: mba,ono lemper?
Romlah: ora enek mas...sesuk meneh yen takon lemper,tak taleni lambe mu banjur tak paku lambe mu!!!

Jumat
Sardot: mba,enek tali?
Romlah: nah ngono...takon sing liyo...nanging sayange tali ora enek mas
Sardot: lha yen paku mba?
Romlah: hehew...kwi ugo ora enek mas
Sardot: alhamdulillah...yo wes,lemper enek ora mba?

Romlah: ::doh::::arg!::

sumbere podho karo sing nang nduwur

Fere
02-04-2012, 02:22 AM
bar moco2 nang forum Tertawa Ngakak (http://www.kopimaya.com/forum/forumdisplay.php?20-Tertawa-Ngakak)

ternyata postinganku ono sing repost..::doh::::doh::::doh::

sumpe gw klonengan
02-04-2012, 02:31 AM
gapopo kan ga sengojo ;D ojo2 wa'aq yo wes tau ::hihi::

Fere
02-04-2012, 02:46 AM
lha iyo.. gak mungkin yen arep posting kudu ndelok postingan lawas siji-siji..::grrr::

Urzu 7
02-04-2012, 10:38 AM
Repost boso jowone opo per?

etca
02-04-2012, 10:58 AM
posting ae, aku ra tahu nang ketawa ngakak owk.
nek trit iki ta woco,

repost = tulisane dibaleni meneh.
*kok dowo yah ukorone ;D

Fere
02-04-2012, 12:12 PM
Repost boso jowone opo per?
mbaleni ngepos? ;D

Fere
06-04-2012, 12:05 AM
Wengi iku Sardot numpak mobil ameh mulih nyambut gawe
nanging sial,tekan tengah dalan lampu mobile mati
amargo uteg'e Sardot cerdas,Sardot duwe ide ngetut'no mobil sing mlaku nang ngarepe

entuk sekilo mlaku,ndilalah Sardot nabrak mobil sing nang ngarepe Sardot amargo ngerem mendadak

"danc***k...duwe moto ora...senenge ngerem mendadak" unine Sardot karo muring muring

"kowe kwi sing wuto..."

"oalaaah...malah ngunekke aku wuto!!!"

"jelas jelas kowe sing nabrak mobil ku...mending sesuk kowe prikso nang dokter mripat" wangsulane wong sing duwe mobil

"hahaa...mripat ku iseh waras...ora perlu nang dokter mripat...jelas kowe sing salah,mandek sembarangan"

karo entheng'e sing duwe mobil mangsuli

"mas...mas...yen mripate sampeyan waras,kudune sampeyan ngerti yen iki garasi mobil ku"

Sardot: (nithili koco lampu)


sumbere iseh podho karo sing ndhuwur

red>,<hair
06-04-2012, 12:16 AM
mugo2 urung ono sek nulis nek uwes yo gapopo amal nulis eneh ;D

NJEGUR
Onok juragan tambak jenenge Sablah ngadakno sayembara.
"Sopo ae sing wani njegur nang tambakku, bakal oleh hadiah Sepeda Montor." jare Sablah.

Akeh wong sing ngumpul ndhelok sayembarane, tapi gak onok sing wani njegur nang tambak. Masalae tambake isine dhudhuk iwak tapi boyo, nyambik, bajul lan sak panunggalane. Mergo gak onok sing wani njegur, hadiae digenti dhadhi montor kijang anyar. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur mergo merinding ndhelok boyone guedhe-guedhe mangap kabeh.

Akhire ambek Sablah hadiae ditambah maneh, montor kijang anyar ambek omah sak isine. Tapi tetep ae gak onok sing wani njegur. Mari sepi meneng kuabeh, moro-moro Muntiyadi njegur nang tambak. Penontone keplok-keplok kabeh ndhelok Muntiyadi gelut ambek boyo. Kiro-kiro wis sak jam, akhire Muntiyadi tampil sebagai pemenang. Cumak yo ngono, awake dhedhel kuabeh.

Wis mari ambekan, Sablah marani arep nyerahno hadiae, tapi Muntiyadi nolak.
"Yo wis tak tambahi dhuwik limangatus juta" jare Sablah, tapi Muntiyadi tetep nolak.
"Tak tambahi mas-masan sak kilo" jare Sablah maneh, Muntiyadi tetep gak gelem.
"Wis ngene ae, awakmu njaluk opo ae, tak turuti" jare Sablah gak gelem kalah.
"Aku njaluk arek sing njungkrakno aku mau digowo rene" jare Muntiyadi.

Fere
06-04-2012, 12:23 AM
::ngakak2::::ngakak2::::ngakak2::


sing njorokne muntiyadi ketoke wong wedok rambute abang.. ;D